Ranu Kumbolo

Ranu Kumbala ing pèrèng Semèru
Ranu Kumbala
Kumbala kang Asri

RANU KUMBOLO

[besut | besut sumber]

Ranu Kumbala inggih punika salah satunggalé tlaga utawi ranu wonten pagunungan Semèru, kang gadhah dhuwur 2500 mèter luwih ing dhuwur toya sagara. Ranu Kumbala dados misuwur amargi éndahipun lan kamistisanipun papan punika. Selajenganipun, boten mung Ranu Kumbala namung wonten prasasti kang diperkiraake tilas déning kraton Majapahit. Ranu Kumbala sapunika sampun dados papan pendaki kanggé camping sadèrèngipun nglajengaken panndakian wonten gunung Semèru. Ranu punika gadhah tilas kang asri lan eksotis.[1]. Semèru piyambak inggih punika salah sawijing gunung geni kang paling dhuwur ing pulau Jawa. Semèru kados taksih aktif mgantos sapunika. Kawah déning gunung Semèru kang biyasa mau Jonggring Kaloko, punika taksih diselubungi abu vulkanik. Kepala Babagan Taman Nasional Brama Tengger Semèru (TNBTS) wonten Lumajang, Jawa Wétan nuturi, kathah peningalan kang éndah kang tumuju pucuk Semèru salah satunggale inggih Ranu Kumbala. Ranu Kumbala gadhani suhu kang atis, yèn wektu wulan Juli-Agustus suhunipun dados 0 drajat Celcius.[2].

TUMUJU RANU KUMBOLO

[besut | besut sumber]

Jalur kang badhé tumuju Ranu Kumbala saged ditempuh lumantar saking kutha Malang utawa Kabaupaten Lumajang, Jawa Wétan. Saking pos TNBTS gadhah lelampahan 5 kilomèter, nyusuri pèrèng bukit kang kathah ditumbuhi Edelweis, salajengipun tumuju ing Watu Rejeng. Ing mriki wonten watu terjal kang indah..[3]. Selajengipun punika taksih nanjak malih, wonten bukit sadèrèngipun tikungan ing Ranu Kumbala dalanipun ampun bahaya. Ing tanjakkan akir wonten sesawangan kang indah. Ing tengen e punika kang mau Ranu Kumbala, ingkang toyanipun atis lan seger. Ranu Kumbala déning gadhah luas 14 ha. Déning badhé nyusuri Ranu Kumbala saged ditempuh kados 30 menit. Flora kang wonten ing kiwa-tengené e Semèru inggih punika wet Cemara, Akasia, Pinus, Alang-alang lan Eelweis putih. Saliyané punika wonten fauna-fauna inggih punika Macan Kumbang, Luwak, Kijang, Kancil, lan sapanunggale. Ing Ranu Kumbala piyambak wonten Belibis kan taksih alasan.[4]. saliyané punika kang badhé ning Ranu Kumbala saged lumantar rute Tumpang-Ngadas-Ranu Pani.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. www.trackpacking.com Archived 2011-07-03 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 21 Juli 2011)
  2. anakkamera.posterous.com(dipuntingali tanggal 21 Juli 2011)
  3. www.wisatamalang.com(dipuntingali tanggal 21 Juli 2011)
  4. backpackerindonesia.com Archived 2011-08-21 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 21 Juli 2011)
  5. lifestyle.kompasiana.com Archived 2011-07-01 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 21 Juli 2011)