Rasuna Said

HR Rasuna Said

Hajjah Rangkayo Rasuna Said (Maninjau, Agam, 14 September 1910Jakarta, 2 November 1965) punika salah satunggiling pejuang kamardikan Indonésia ugi minangka pahlawan nasional Indonésia. Kadosdéné Kartini, panjenenganipun ugi merjuangaken émansipasi wanita. Rasuna Said dipunsarèkaken wonten ing TMP Kalibata, Jakarta.

Riwayat

[besut | besut sumber]

H.R. Rasuna Said punika satunggiling wanita anèm ingkang gadhah kekajengan ingkang kiyat kanthi wawasan ingkang wiyar. Perjuanganipun dipunmilai kanthi aktivitas wonten ing Sarékat Rakyat minangka Sekretaris cabang lan salajengipun dados anggota Persatuan Muslim Indonésia (PERMI). Panjenenganipun wasis sanget pidhato, ingkang suraosipun ngecam sipat boten adil saking pamaréntah Walandi, saéngga naté dipuntangkep lan dipunkunjara wonten ing taun 1932 ing kitha Semarang.

Wekdal jaman panguwaosan Jepang, panjenenganipun ndhèrèk dados ngadegaken organisasi nom-noman Nippon Raya ing Padang ingkang salajengipun dipunbibaraken déning Pamaréntah Jepang.

H.R. Rasuna Said lenggah wonten ing Déwan Perwakilan Sumatera, makili laladan Sumatra Kilèn sasampunipun Proklamasi Kamardikan, dipunangkat dados anggota Déwan Perwakilan Rakyat Républik Indonésia Serikat (DPR RIS), salajengipun dados anggota Déwan Pertimbangan Agung wiwit 1959 ngantos sédanipun.

H.R. Rasuna dipunangkat minangka Pahlawan Nasional kanthi Serat Kaputusan Présidhèn R.I. No. 084/TK/Taun 1974 tanggal 13 Dhésèmber 1974.

H.R. Rasuna Said nilaraken satunggil putri (Auda Zaschkya Duski) lan 6 putu (Kurnia Tiara Agusta, Anugerah Mutia Rusda, Moh. Ibrahim, Moh. Yusuf, Rommel Abdillah lan Natasha Quratul'Ain).

Asamanipun sapunika dipunabadèkaken minangka salah satunggilipun nama margi protokol wonten ing kawasan Kuningan, Jakarta Selatan.[1]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Hudiono, Esthi Susanti; Bodjawati, Seruni (2019). Perempuan-Perempuan Menggugat (Literasi Rupa Sejarah Perempuan Indonésia). Yogyakarta: Media Pressindo bekerjasama dengan Komunitas Inklusi Sosial dan Perdamaian Indonésia. kc. 97–101. ISBN 978-623-7254-10-2.

Pranala njawi

[besut | besut sumber]