Reo Fortune

Reo Fortune ya iku ahli antropologi saka Niu Sélan, kalairan taun 1903. Pandhidhikané olèh saka ing Victoria University College (MA) taun 1925[1][2][3]. Sabanjuré ing University of Cambridge (1927) lan Columbia University (Ph.D) taun 1931[1][2]. Reo naté nglakoni panlitian lapangan ana inf Kapuloan D’Entrecasteaux (1927 nganti 1929), reservasi Omaha, Nebraska (1930), lan ing kali Sepik (1931)[1][3]. Reo nulis karya-karya akademis, kasil kang kajiané ya iku antarané ‘Being honest to my science’, ana ing jurnal The Australian Journal of Anthropology (1999), Sorcerers of Dobu (1932), ‘A note on some forms of kinship structure’ ana ing jurnal Oceania (1934), lan Manus Religion (1935)[1]. Reo kalebu ing kelompok antropolog enom kang briliant, padha karo Margaret Mead, Gregory Bateson, lan Ruth Benedict[4]. Awité Reo iki digladhén psikologi nanging akhiré karenan ing ètnologi lan antropologi. Dhèwèké akéh pisumbangané ing bab pangembangan ètnografi. Reo séda ing Inggris taun 1979[1].

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Amit, Vered (2004). Biographical dictionary of social and cultural anthropology. London: Routledge. kc. 235. ISBN 020364459X. OCLC 436848672.
  2. a b Gérald, Gaillard, (2004). The Routledge Dictionary of Anthropologists. London: Routledge. kc. 159. ISBN 020349900X. OCLC 56606384.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link)
  3. a b "Reo Franklin Fortune". therai.org.uk (ing basa Inggris Karajan Manunggal). Dibukak ing 2018-01-09.
  4. "Reo Fortune | Alma Gottlieb". almagottlieb.com (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2018-01-09.