Rome Beauty | |
---|---|
![]() | |
Apel Rome Beauty (Malus domestica) | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Rosales |
Famili: | Rosaceae |
Subfamili: | Maloideae |
Génus: | Malus |
Spésies: | M. domestica |
Jeneng binomial | |
Malus domestica Borkh. |
Apel Rome Beauty iki uga karan apel ijo utawa apel Australia.[1] Ciri khas apel iki kulite sing tetep ijo kekuningan sanajan wis mateng. Wohé bunder lan ana lekuan ing pérangan jero. Bobot woh iki kurang luwih 175 g. Daging buahé atos, tèkstur alus, lan aromané kuat. Rasane seger nanging rada kecut.[1] Tuwuhan sing umur 7 taun produksiné bisa nganti 30–40 kg per tuwuhan per mangsa. Apel iki uga salah sijiné tuwuhan khas saka Batu, Jawa Wétan.[1]
Ciri-ciri apel iki kaya ta:
Saliyané dadi suguhan ing mèja, apel uga duwé khasiat dhuwur yèn dadi ombén. Woh apel bisa nyegah sariawan ing gusi. Woh iki bisa dadi cuka utawa cinder saka prosés fermentasi.[1] Apel uga bisa nguwataké daya tahan awak saka lelara lambung lan tumor.
Tuwuhan apel bisa tukul lan subur ing dataran tinggi saka 700-2.000 m dpl sing duwé iklim garing.[1] Ing Panggonan iklim basah, woh iki ora bisa tukul apik lan rasané kurang legi. Tuwuhan iki bisa tukul apik yèn di tandur ing panggon terbuka. Ning dataran cendhèk ora bisa tukul kembang.