Roy Goodwin D’Andrade ya iku ahli antropologi saka Brooklyn, New York, Amérikah Sarékat, kalairan taun 1931[1]. Roy Goodwin olèh pandhidhikan pawiyatan luhur saka ing University of Connecticut (BA) taun 1957 lan ing Harvard University (Ph.D.) taun 1962[1][2]. Panlitian lapangan antropologis kang wis dilakoni Roy Goodwin ya iku ana ing Pueblos Amérikah Sarékat (1959), Chiapas Méksiko (1961-1962), Nigeria lan Ghana (1966 nganti 1967), lan Amérikah Sarékat (1970)[1]. Karya-karya akademis kang wis tinulis déning dhèwèké ya iku Human Motives and Cultural Models (1992) lan The Development of Cognitive Anthropology (1995)[1]. Roy iki duwé pisumbangan ing nuduhaké transformasi antropologi kognitif kang ngasilaké révolusi kognitif ing ngèlmu-ngèlmu sosial abad 20an[1]. Pakaryan dhèwèké dadi pusat pangembangan étnosemantik, pandangan kognitif kanggo rékonstruksi analisis budhaya[1][2].