Rudy Hartono | |
---|---|
Katerangan pribadi | |
Jeneng jangkep | Rudy Hartono Kurniawan Chinese: Nio Hap Liang [1] |
Nagara | Indonésia |
Dhuwur | 1.78 m (5 ft 10 in) |
Tangan sing dipigunakaké | Kanan |
Event | Tunggal Pria |
Rudy Hartono Kurniawan (Hanzi: 梁海量, Nio Hap Liang; translasi fonetik nama Indonésianipun dhateng basa Tionghoa: 哈托诺 Hatuonuo; lair ing Surabaya, Jawa Wétan, 18 Agustus 1949; umur 75 taun) inggih punika tilas atlet badminton Indonésia.[2] Panjenengan naté menangaken kajuwaraan donya ing taun 1980, lan Kajuwaran All England ngantos wolung taun nalika taun 1960-an lan 1970-an.[2][3]
Sasampunipun ndhèrèk grup gadhah ramanipun, wusananipun Rudy lajeng pindhah dhateng grup badminton ingkang langkung ageng inggih punika Rajawali Group ingkang sampun kathah ngasilaken atlet badminton donya.[3] Wiwitanipun ndhèrèk grup punika, Rudy sampun ngraos manggihi papan ingkang saé kanggé ngembangaken bakatipun.[3] Nanging sasampunipun pikantuk panyaruwé saking ramanipun, Rudy lajeng pindhah ndhèrèk Pusat Pelatihan Nasional kanggé Thomas Cup ing pungkasanipun taun 1965.[3]
Sasampunipun ndhèrèk Pusat Pelatihan Nasional kanggé Thomas Cup, kawasisanipun dados minggah.[3] Rudy dados salah satunggalipun anggota tim Thomas Cup ing taun 1967.[3] Satunggal taun salajengipun, ing yuswa 18 taun panjenenganipun pikantuk juwara satunggal ing Kajuwaran All England kanthi ngalahaken juru main Malaysia Tan Aik Huang kanthi skor 15-12 lan 15-9.[3] Salajengipun Rudy dados juwara ing taun-taun salajengipun ngantos taun 1974.[3]
Rudy Hartono, Sang Juara Bulutangkis Sejati Kebanggaan Indonesia Archived 2012-01-19 at the Wayback Machine.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |