Saluang iku piranti lelagon tradhisional kas Minangkabau, Sumatra Kulon. Ing ngendi piranti lelagon iki kagawé saka pring tipis utawa talang (Schizostachyum brachycladum Kurz). Saluang digunakaké kanthi cara disebul. Wong Minangkabau pitaya yèn bahan kang paling apik kanggo gawé saluang asalé saka talang kang minangka mepe kain talang kang tinemu kentir ing kali.[1] Piranti iki kalebu ing golongan piranti lelagon suling, nanging luwih prasaja cara gawéne, mung kanthi cara mbolongi talang nganggo bolongan kang cacahé papat. Dawane saluang kira-kira 40–60 cm, kanthi diameter 3–4 cm. Kagunan liyané saka talang ya iku wadhah kanggo gawé lamang (lemang), salah siji panganan tradhisional Minangkabau.
Pemain saluang kang legendaris jenenge Idris Sutan Sati kanthi penyanyine ya iku Syamsimar.
Keutaman para juru main saluang ya iku bisa mainake saluang kanthi cara nyebul lan ambegan kanthi bebarengan, mula wong kang nyebul saluang bisa maninake piranti lelagon iku saka awal nganti tekan rampunge lagu tanpa pedhot. Cara ambegan kaya mangkene bisa dikembangake kanthi cara gladhèn trus-trusan. Teknik iki uga diarani tèhnik manyisiahan angok.
Saben nagari ing Minangkabau ngambangake cara nyebul saluang, mula saben-saben nagari iku duwé ciri kas dhéwé-dhéwé. Tuladha saka ciri kas iku ya iku Singgalang, Pariaman, Solok Salayo, Koto Tuo, Suayan lan Pauah. Ciri kas Singgalang dianggep cukup angèl dimainake déning wong kang nembé gladhèn (pemula), lan padatan nada Singgalang iki dimainake ing awal tembang. Déné, ciri kas kang paling sedhih unine ya iku Ratok Solok saka laladan Solok.
Biyene, kabare wong kang main saluang iki duwé mantra dhéwé-dhéwé kang migunani kanggo hipnotis sing nonton. Mantra iku diarani Pitunang Nabi Daud.[2]
Artikel budaya iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |