Manufacturer | Siemens AG |
---|---|
Jejaringan kang mathuk | GSM |
Availability by country | 2001 - 2006 |
Ukuran | 105 mm x 46 mm x 17 mm |
CPU | Siemens/Infineon C166 |
Panyimpenan-copot | Hot-Swappable MMC |
Batré | Lithium ion battery |
Data inputs | Keypad |
Pakatonan | 101 x 80 piksel, monochrome |
Konèktivitas | IrDA |
Siemens SL45 ya iku henpon sepisanan kang duwé memori eksternal lan fasilitas MP3 player. Henpon iki dikenalake ing taun 2001, lan seri Siemens SL45i uga henpon sepisanan kang duwé fasilitas java.
Saliyané MP3 player, SL45 uga bisa kanggo ngrekam suwara nganti pira-pira jam, auto responder, voice dialing and voice commands, WAP browser, lan menu pitulunga ing pira-pira basa. Uga ana calendar/organizer, alarm clock, stopwatch, calculator, currency converter lan games. Ing jamane, SL45 uga kalebu henpon kang duwé ukuran paling cilik.
Siemens SL45 duwé versi cacah 3, ya iku : Siemens SL45 - versi asi, kanthi memori card 32MB, sync station lan stereo headphone Siemens SL42 - versi kang luwih murah kang dikenalake sawisekanthi 16 MB memory card tanpa sync station lan stereo headphone Siemens SL45i - versi kanthi firmware kang njurung fasilitas Java, lan uga batere kang luwih awet
Henpon 3 iki duwé fitur kang padha, mung duwé bedha kaya kang katulis ing ndhuwur. Henpon iki uga duwé tèknologi kang saemper karo Siemens S45 lan Siemens ME45.