The Dinner | |
---|---|
Disutradarani | Oren Moverman |
Diprodhuseri |
|
Diskénariyoni | Oren Moverman |
Adhedhasar | The Dinner déning Herman Koch |
Dibintangi | |
Dimusiki | Elijah Brueggemann |
Sinématografi | Bobby Bukowski |
Dibesut déning | Alex Hall |
Perusahaan prodhuksi |
|
Dibabar déning | The Orchard |
Tanggal metu |
|
Suwéné | 120 menit |
Nagara | Amérikah Sarékat |
Basa | Inggris |
Kalarisan | $1.1 yuta |
The Dinner inggih punika filem sandhiwara thriller saking Amérikah Sarékat ingkang kadamel ing taun 2017. Filem punika dipunsutradarani Oren Moverman, ngangkep minangka panganggit skénario, dipunangkat saking novèl saking Walandi kanthi sesirah ingkang sami, anggitanipun Herman Koch. Ingkang maragani filem punika antawisipun Richard Gere, Steve Coogan, Laura Linney, Rebecca Hall, Chloë Sevigny, lan Charlie Plummer. The Dinner dipungiyaraken kaping pisan nalika pahargyan Berlin Film Festival wulan Fébruari 2017 lan dipunbabar ing surya 5 Mèi 2017 déning The Orchard.
Ing surya 19 Sèptèmber 2013 wonten pawartos bilih Cate Blanchett badhé kajibah minangka sutradara filem sandhiwara thriller ingkang dipunangkat saking Walandi sesrirah The Dinner anggitanipun Herman Koch. Wondéné skénario badhé dipunanggit déning Oren Moverman. Caldecot Chubb kadhapuk minangka juru damel awit panyuwunipun ChubbCo Film, wondéné Olga Segura lan Eva Maria Daniels ugi nyengkuyung minangka juru damel palaksana, lan mbiyantu pangembangan filem wau.[1] Ing pungkasan wulan Januari 2016, dipunpratélakaken bilih Moverman ugi sumadya ngayahi minangka sutradara filem punika. Kajawi punika, Chubb, Lawrence Inglee, Eddie Vaisman lan Julia Lebedev ugi sumadya dados prodhuser.[2]
Pandamelan filem punika kawiwitan ing surya 21 Januari 2016, mundhut papan panggènan wonten Dobbs Ferry, New York,[3][4] kalajengaken ing Gettysburg, lan Pennsylvania.[5]
Ing wulan Mèi 2016, The Orchard numbas hak pangeduman filem punika.[6] Panggiyaran filem punika kapisan nalika pahargyan Berlin International Film Festival, wulan Fèbruari 2017.[7] Wondéné pambabaranipun dipun-cakaken ing surya 5 Mèi 2017.[8]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |