Vespa tropica | |
---|---|
tawon diwasa | |
Susuh ing wit | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Arthropoda |
Klas: | Insecta |
Ordho: | Hymenoptera |
Famili: | Vespidae |
Génus: | Vespa |
Spésies: | V. tropica |
Jeneng binomial | |
Vespa tropica Linnaeus, 1758 | |
Sinonim | |
|
Vespa tropica salah siji jinis tawon kertas saka génus Vespa.
Tawon buruh Vespa tropica dawané watara 24–26 mm, déné ratune bisa nganti 30 mm. Endhasé warna abang/soklat tuwa lan wetengé warna ireng kanthi garis kuning ing ros abdomen nomer loro.
Tawon iki nunggal génus karo tawon endhas kang asring tinemu ing Indonésia.
Vespa tropica tinemu ing Asia Kidul, saka Afghanistan nganti tekan ing Singapura lan Flipina lan duwé sipat invasif, kalapuraké manawa spésiès iki uga wis tinemu ing Guam.[1].
Vespa tropica ngrampok susuh tawon spésis liya lan njupuk larvané lan digawa mulih kanggo pakan anaké. Vespa tropica uga mbedhag tawon madu lan kinjeng. Susuh tawon Vespa tropica lumrahé nggantung ing wit-witan kanthi dhuwur udakara 3 m. Uga biyasa mapan ing ngisor payon omah[1].[2].