Batak Simalungun (aksara Batak: ᯃᯟᯃ᯳ᯅᯖᯃ᯳ᯙᯫᯕᯟᯮᯝᯉᯮ᯳) iku salah sijiné wong asli saka Sumatera Lor.[1] Simalungun tegesé sepi utawa ing basa Indonesia diarani sunyi.[1] Lagu-lagu Simalungun kang misuwur ya iku Sitalasari lan Tading ma ham.[1]
Wong Batak Simalungun manggon ing Kabupatèn Simalungun lan saubengé.[2] Leluhur wong Simalungun asalé saka tlatah India Selatan.[2] Wong Batak Simalungun kapérang ing karajan-karajan.[2] Marga asli wong Simalungun ya iku Damanik, lan 3 marga pendatang ya iku Saragih, Sinaga, lan Purba.[2] marga marga (jeneng kulawarga) iku kapérang dadi papat marga gedhé ing Simalungun.[2]
Wong Batak Toba ngarani wong iki kanthi jeneng wong Si Balungu saka legenda setan kang njalari lelara ing tlatah iku, dené wong Batak Karo ngarani Timur amarga manggon ing pérangan timur wong Karo.[2]
Ana akèh sumber ngenani asal usul Wong Simalungun, nanging akèh kang nyritakna yèn nenek moyang Wong Simalungun asalé saka njaba Indonesia.[2] Wong iki teka kanthi loro rombongan.[2] Rombongan kang kapisan ya iku Simalungun Proto , kang teka saka Nagore (India Selatan) lan pagunungan Assam (India Timur) nalika [[abad kaping lima.[2] Wong iki banjur liwat Myanmar, Siam lan Malaka lan sawisé iku banjur nyabrang ing Sumatera Timur lan nggawé karajan Nagur saka Raja dinasti Damanik.[2] Rombongan kang kapindho ya iku Simalungun Deutero, kang teka saka wong-wong ing saubengé Simalungun kang isih tangga karo wong asli Simalungun.[2]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |