Peta Suriah kanthi wewengkon sig didunungi wong Kurdhi awerna jambon, ing taun 1976
Wong Kurdhi ing Suriah iku ngrujuk marang wong-wong katurunan Kurdhi sing lair, utawa sing ndunungi wewengkon ing Suriah. Miturut akèh sumber, wong Kurdhi iku minangka ètnis minoritas sing gedhé dhéwé ing Suriah, kanthi gugung cacah jiwané udakara 7% lan 10% saka gunggung kabèh padunung Suriah.[1][2][3][4][5] Wong Kurdhi ing Suriah wis kerep ngadhepi dhiskriminasi lan tumindak ala déning pamaréntah.[6][7]
"Kurdhistan Suriah" (Kurdish: Kurdistana Sûriyê) iku jeneng ora resmi sing digunakake déning sawenèh wong kanggo ngrujuk marang wewengkon lor lan lor-wétané Suriah sing didunungi déning wong Kurdhi.[8] Wewengkon pérangan lor-wétan sing didunungi déning wong Kurdhi nyrambahi pérangan Kagubernuran Hasakah. Kutha-kutha Kutha-kutha sing utama ing wilayah iki ya iku Qamishli (Qamishlo) lan Al-Hasakah. Wewengkon liyané kanthi cacahé wong Kurdhi kang cukup akèh ya iku Kobanî (resminé dikenal minangka Ayn al-Arab) ing sisih loré Suriah cedhak kutha Jarabulus lan uga kutha Afrin karo sakupengé kutha kasebut ing sadawaning tapal watesé Turki.
Akeh wong Kurdhi sing ngupadi saperlu mujudaké pulitik otonom kanggoné wewengkon Kurdhi ing Suriah, kaya sing ana ing Kurdhistan Irak, utawa hak dadi pérangan saka Kurdhistan sing swatantra. Jeneng Rojava (Kurdish: Rojavayê Kurdistanê) uga digunakaké déning sawenèh wong Kurdhi kanggo ngrujuk marang wewengkon magepokan, sing didunungi déning wong Kurdhi ing Suriah.[9][10][11][12]
Wong Kurdhi iku minangka minoritas ètnis sing paling gedhé ing Suriah, lan udakara 7 nganti 10 persèn saka cacah jiwa ing Suriah,ing taun 2011— utawa udakara 1,6 nganti 2,5 yuta wong.[1][2][3][4][5][13][14] Populasiné wong Kurdhi ing Suriah kagolong sithik yèn dibandhingaké karo populasiné wong Kurdhi ing nagara-nagara sacedhaké, kaya ta Turki (14,4 - 16 yuta), Iran (7,9 yuta), lan Irak (4,7 - 6.2 yuta).[15] mayoritas wong Kurdhi ing Suriah nuturaké basa Kurdhi kanthi dhialèk Kurmanji, ya iku dhialèk sing dituturaké ing Turki, lan pérangan lor-wetané Irak lan Iran.[16]
Wong Kurdhi lumrahé manggon ana ing wewengkon géo-budaya ing pérangan lor-wétané Suriah. Wewengkon iki nyrambahi pérangan gedhéné Kagubernuran Al-Hasakah, (biyèné provinsi Jazira), Wewengkon sing uga didunungi déning wong Armèni, wong Aram, lan wong Suryani. Kutha-kutha sing utama ing wewengkon iki ya iku Qamishli lan Hasakah. Wewengkon liyané kanthi cacahé wong Kurdhi sing cukup akèh ya iku Kobanê (Ayn al-Arab) ing sisih loré Suriah cedhak kutha Jarabulus. Pérangan Suriah sisih lor lan lor-wétan sing didunungi déning wong Kurdhi ajejuluk "Kurdistana Binxetê" ing basa Kurdhi. Sawijining wewengkon punjering populasi Kurdhi ya iku Kurd Dagh (Pagunungan Kurdhi) ing sisih lor-kulon, ing sacedhaké kutha Afrin ing Kagubernuran Aleppo, wilayah sing ambané nyrambahi sawenèh dhistrik ing Turki ing dhistrik Islahiye lan Kırıkhan. Akèh wong Kurdhi sing uga ndunungi kutha-kutha gedhé lan wewengkon métropolitan, contoné ing pomahan Rukn al-Din ing Damsyik kang biyèné dikenal minangka Hayy al Akrad (Kurdish Quarter), lan pomahan Aleppo, Syekh Maqsood.[17][18]
↑ ab"Who are the Kurds?" (édhisi ka-Online). BBC News. 31 Oktober 2017. Dibukak ing 25 Novèmber 2017. Kurds make up between 7% and 10% of Syria's population.
↑ ab"Who are Syria's minority groups?" (édhisi ka-Online). Special Broadcasting Service. 11 Sèptèmber 2015. Dibukak ing 25 Novèmber 2017. Kurds are the largest ethnic minority in Syria, constituting around 10 per cent of the population - around 2 million of the pre-conflict population of around 22 million.
↑ ab"Kurdish Population in Syria" (édhisi ka-Online). 5 Agustus 2014. Dibukak ing 25 Novèmber 2017. Various proportions are predicted for Kurds. For example McDowall[8] and O’shea[9] predict 8%, Bruinessen predicts 8.5%,[10] Chailand predicts 10%[11]. Vanly, Kurdish writer, stated that Kurds must be at least 7% of Syrian population
↑ abWorld Factbook (édhisi ka-Online). Langley, Virginia: US Central Intelligence Agency. 2015. ISSN1553-8133. Diarsip saka sing asli ing 2013-05-10. Dibukak ing 25 Novèmber 2017. A rough estimate in this edition has populations of 14.3 million in Turkey, 8.2 million in Iran, about 5.6 to 7.4 million in Iraq, and less than 2 million in Syria, which adds up to approximately 28–30 million Kurds in Kurdistan or adjacent regions. CIA estimates are as of Agustus 2015[update] – Turkey: Kurdish 18%, of 81.6 million; Iran: Kurd 10%, of 81.82 million; Iraq: Kurdish 15%-20%, of 37.01 million, Syria: Kurds, Armenians, and other 9.7%, of 17.01 million.
↑ abBureau of Near Eastern Affairs (9 Maret 2012). "Background Note: Syria". State.gov. Washington, DC: US State Department. Diarsip saka sing asli ing 17 Oktober 2012. Dibukak ing 2 Agustus 2015. The CIA World Factbook reports all non-Arabs make up 9.7% of the Syrian population, but does not break out the Kurdish figure separately. However, this State Dept. source provides a figure of 9%. As of Agustus 2015[update], the current document at this state.gov URL no longer provides such ethnic group data.