Yaqowiyu iku sawijining pahargyan upacara adat Jawa wujud nyebar apem ing tlatah kacamatan Jatinom, kabupatèn Klathèn, Jawa Tengah. Pahargyan iki diadani setaun sapisan saben wulan Sapar nuju dina Jemuwah minggu kapindho utawa ing madyaning sasi.
Upacara tradhisi Yaqowiyu wis kaleksanan wiwit taun 1589, pinuju tanggal 15 Sapar. Mula bukané upacara pahargyan iki ora liya amarga Ki Ageng Gribig, ya iku ngulama sholèh lan mangaribawa kang sugeng ing abad XVI. Nalika semana Ki Ageng Gribig kondur munggah haji saka kutha Mekah kanthi ngasta olèh-olèh wujud apem kanggo putra wayah lan para santri, amarga mung sethithik mula ora kabèh bisa keduman. Sabanjuré Nyi Ageng Gribig gawé apem manèh sisandéné bisa diandum marang para warga Jatinom, nalika andum apem, Ki Ageng Gribig karo ngendika "Yaa qowiyyu", tegesé: Duh, Gusti ! Paringana kekiyatan. Prastawa mau banjur dilanggengaké lan dipèngeti saben taun déning warga kanthi jeneng Yaqowiyu. Ki Ageng Gribig nalika kondur saka Mekah, ora mung ngasta apem, nanging uga ngasta lemah segenggem kang dipundhut saka ngara-ara Arofah, nuli ditanem ing lapangan sabanjuré kawastanan ngara-ara Tarwiyah, amarga lemah iku kapundhut Kyai Ageng Gribig saka Arofah nalika ngumpulaké banyu kanggo sangu wukuf ing tanggal 8 Dzulhijjah. Dina iku pancèn kawastanan Yaumul Tarwiyah. Banjur tembung Yaqowiyu ya iku saka pengajian kang dianakaké Ki Ageng Gribig, nalika mungkasi mesthi ndedonga “Yaa qowiyyu. Yaa Aziz qowina wal muslimiin, Yaa qowiyyu warzuqna wal muslimiin”, kanggo nyuwunaké kekuwatan umat muslim.
Pahargyan Yaqowiyu racaké ditindakaké ing komplèk pasaréan Ki Ageng Gribig kang dadi siji karo masjid lan ngara-ara. Wektuné bakda salat Jum'at. Kang mèlu ngregengaké ora mung warga, nanging uga para nayaka praja, pangembating praja saka kabupatèn Klathèn. Pahargyan Yaqowiyu uga ana kang ngarani Saparan lan Apeman.
Apem kang disebar nganti atusan èwu, boboté watara 5 ton. Apem-apem mau minangka sumbangsih saka para warga ing Jatinom. Sadurungé disebar maèwu-èwu apem iku digawé gunungan dhisik, kanthi tumpukan kang kudu urut medhun 4-2-4-4-3, angka iku minangka gunggungé rokaat sajeroning salat 5 wektu. Gunungan apem kang lanang dijenengi Kyai Kiyat, déné kang wadon Nyai Kiyat. Sadurungé disebar ing lapangan kang ana ing pinggir kali, sisih kidul komplèk masjid lan pasarèyan Ki Ageng Gribig, gunungan apem iku dileremaké sawengi ing masjid. Gunungan banjur digawa menyang menara kang ana ing punjering lapangan, nuli disebaraké déning para santri kang padha nganggo sandhangan lan iket warna putih, apem-apem iku dinggo rebutan para warga. Miturut kapercayan, yèn olèh apem mau, gegayuhan kang dipéngénake bakal kajangka. Ana kang dipakakaké kéwan ingon-ingon, diceguraké ana ing blumbang, dipendhem anèng sawah, dipendhem ing jero omah, lan liya-liyané
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |