Adult Beginners | |
---|---|
Disutradarani | Ross Katz |
Diprodhuseri | Jared Ian Goldman Nick Kroll Pau Bernon Sam Slater Marcus Cox Karrie Cox |
Diskénariyoni | Jeff Cox Liz Flahive |
Carita déning | Nick Kroll |
Dibintangi | Nick Kroll Rose Byrne Bobby Cannavale Joel McHale |
Dimusiki | Marcelo Zarvos[1] |
Sinématografi | Vanja Cernjul[1] |
Dibesut déning | Paul Frank |
Perusahaan prodhuksi | |
Dibabar déning | RADiUS-TWC[2] |
Tanggal metu |
|
Suwéné | 90 menit[1] |
Nagara | Amérikah Sarékat |
Basa | Basa Inggris |
Kalarisan | $104,808[3] |
Adult Beginners inggih punika filem drama komedi saking Amérikah Sarékat ingkang dipundamel taun 2014. Filem punika dipunsutradarani Ross Katz, dhedhasar skénario anggitanipun Jeff Cox lan Liz Flahire, dipunangkat saking lakon kasunyatan ingkang dipunanggit déning Nick Kroll. Ingkang maragani filem punika antawisipun Kroll, Rose Byrne, Bobby Cannavale, dan Joel McHale.
RADiUS-TWC numbas hak pangeduman filem punika kanggé para pamirsa ing Amérika Lor nalika filem punika ditepangaken wonten pangaji 2014 Toronto International Film Festival.[2] Filem ini dibabar kanthi winatess lan diwujudaken ing format VOD nalika tanggal 24 April 2015.[4]
Sasampunipun perusahaanipun bangkrut lan kobongan nailka adicara paresmèn, Jake (Kroll) tindak sesarengan kangmasipun ingkang saweg ngandhut, ingkang sampun dangu pepisahan, Justine (Byrne), kangmas ipénipun, Danny (Cannavale), lan tiga keponakaan, dhumateng satunggalipun pinggiran kutha ingkang salajengipun ngadhepi kathah prakawis.
Tanggal 1 November 2013 dipunaturaken bilih Nick Kroll, Rose Byrne, lan Bobby Cannavale katetepaken minangka juru paraga filem Brother's Keeper-judhul asli punika salajengipun dipunéwahi dados Adult Beginners.[5] Ing tanggal 10 Dhésèmber 2013, Caitlin Fitzgerald sampun nyawiji wonten flm punika, maragakaken minangka Kat, pacanganipun Jak[6] Filem punika mratandhani pakaryan sesarengan kaping tiga, pacangan Bobby Cannavale lan Rose Byrne sasampunipun dipunpracaya wonten Annie taun 2014 lan Spy pramula taun 2015.
Pamundhutan gambar utami kacaaken wonten ing New York kalebet ing satunggalipun griya Elk Avenue ing New Rochelle, New York satunggal wulan, saking Januari dumugi Fèbruari 2014.[7]
Adult Beginners ingkang kaping pisan dipuntepangaken wonten pahargyan 2014 Toronto International Film Festival tanggal 8 September 2014, lan dibabar winatesan tanggal 24 April 2015 lan miyos Video on demand, tanggal punika ugi, ing Amérikah Sarékat.[4][8][8][9]
Wonten ing pambabaran pungkasan peken, Adult Beginners kasil ngumpulaken arta $36,657 ing sedasa gedhong biyoskup. Dumugi tanggal 24 September 2015, filem punika kasil ngumpulaken arta $104,808 ing Amérika Lèr.[3]
Kababaripun filem Adult Beginners saget katampi kanthi saé tumrap para pamirsa lan juru kritik filem. Kaca pangempal biji Rotten Tomatoes ngaturi biji dhumateng filem punika 48% dhedhasar 69 juru kritik."[10] Metacritic ngaturi biji dhumateng filem punika antawisipun 57 dumugi 100 dhedhasar pratènanipun 26 juru kritik.[11]
Artikel filem iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |