Aksara Sundha dienggo nulisaké araning siji yasan ing salah sijining paguron ndhuwur ing Bandhung.
Aksara Sundha (ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ) iku ngrujuk ing siji sistim panulisan kasil karya bangsa Sundha kanggo nulisaké basa Sundha. Aksara Sunda iku ngrujuk ing aksara Sundha Kuna kang dienggo saka abad kaping 14 nganti tekan abad kaping 18.
Komputerisasi aksara Sundha nalika metuné publikasi resmi aksara Sundha saking Pamaréntah Jawa Kulon. Conto pisanané "Aksara Pakuan" ing wujud OTF.
Liyané saka aksara mau, ing wulan Januari 2006, proposal kanggo kodhifikasi Aksara Sundha ing format Unicode wis dikirimaké menyang konsorsium Unicode [2]. Prosès iki bakal lumaku suwéné rong taun. Diarepaké ing taun 2008, aksara Sundha wis bisa lumebu ing susunan Unicode vèrsi 5.0.