Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Hamengkubuwana X | ||
---|---|---|
![]() Ratu Nagari Ngayogyakarta Hadiningrat | ||
Miyos | Yogyakarta, 2 April 1946 | |
Jabatan |
Sri Sultan Hamengkubuwana X (Jawa: ꦲꦩꦼꦁꦑꦸꦨꦸꦮꦟ꧇꧑꧐) utawi Bendara Radèn Mas Hèrjuna Darpita (miyos ing Ngayogyakarta, 2 April 1946, yuswa 65 taun) punika ratu ingkang kaping sadasa ing Karaton Kasultanan Ngayogyakarta, lan Gubernur Daérah Istiméwa Yogyakarta.
Ngarsadalem kaping X miyos kanthi asma BRM Herjuno Darpito. Sareng diwasa lajeng sesebutan KGPH Mangkubumi lan sareng jumeneng dados adipati anom, kaparingan sesebutan KGP Adipati Anom Hamengku Nagara Sudibya Rajaputra Naréndra ing Mataram. Panjenengandalem punika lulusan Fakultas Hukum Universitas Gadjah Mada.
Jumenengdalem minangka ratu kalampahan ing surya kaping 7 Maret 1989 (Selasa Wagé, 19 Rejeb 1921) kanthi asma resmi Sampéyan Dalem ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Hamengku Bawana Sénapati-ing-Ngalaga Abdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah ingkang Jumeneng Kaping Sadasa.
Ngarsadalem kaping X aktif sajeroning manéka warni organisasi lan mengku sawatawis kalenggahan, antawisipun inggih punika ketua umum Kadinda DIY, ketua DPD Golkar DIY, ketua KONI DIY, Dirut PT Punokawan ingkang makarya babagan jasa konstruksi, Présidhèn Komisaris PG Madukismo, lan ing sasi Juli 1996 kaangkat minangka Ketua Tim Ahli Gubernur DIY. Warsa 2010, sesarengan kaliyan Surya Paloh, Ngarsadalem Sultan Hamengkubuwana X medhar gagasan madegipun Nasional Dhémokrat.
Dipunrumiyini déning: Hamengkubuwana IX |
Raja Kasultanan Yogyakarta 1988 -.... |
Dipunlajengaken déning: saweg njabat |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |