Edi Sedyawati inggih punika salah satunggaling guru besar wonten ing Fakulas Ilmu Pengetahuan Budaya ing Jurusan ArkéologiUniversitas Indonésia. Piyambakipun inggih mlebet agama Islam lan sapunika dumunung ing Jalan Lembang 21, Jakarta. Piyambakipun gadhah satunggal garwa, inggih punika Imam Sudjahri lan pinaringan kalih putra, inggih asma Teguh Anantawikrama, lan Bima Sinung Widagdo.[1]
Edi Sedyawati inggih sampun naté ngrampungaken sekolahipun wonten ing SR Kris, Jakarta lan lulus taun 1951, lajeng nerasaken dhateng SMP Negeri I Jakarta, lulus taun 1954, lan nerasaken sekolah malih ing SMA Negeri I Jakarta, lan lulus ing taun 1957. Sasampunipun lulus SMA, piyambakipun ugi nerasaken sekolah malih wonten ing jurusan Arkéologi, Universitas Indonésia wonten ing program S-1, lan lulus ing taun 1963, lajeng nerasaken sekolah malih ing Program pascasarjana, ing Fakultas Sastra Universitas Indonésia kanggé nggayuh gelar dhoktor lan lulus ing taun 1985.