Joko Pinurbo | |
---|---|
![]() | |
Pakarya | Penyair |
Bangsa | ![]() |
Gènre | kontemporer |
Joko Pinurbo ingkang miyos wonten ing Pelabuhan Ratu, Sukabumi, Jawa Kulon ing tanggal 11 Mèi 1962 inggih kalebet salah satunggaling sastrawan ugi penggurit ing Indonésia. Karya-karya puisinipun kalebet karya kanthi campuran gaya panyeratan ing antawisipun gaya naratif, ironi saha refleksi dhiri.[1]
Garwanipun Joko Pinurbo punik satunggal inggih gadhah asma Nurnaeni A. F, déné putranipun wonten kalih, P. Wahyu Wibisono saha Maria Azalea. Piyambakipun sapunika gadhah dalen wonten ing Wirobrajan, Yogyakarta. Riwayat pendhidhikanipun inggih kados makaten[2]
Jokpin sampun remen nyerat wiwit SMA. Kathah karya-karyanipun ingkang kapacak wonten ing sapérangan koran, majalah, jurnal, saha antologi puisi. Joko Pinurbo sampun remen nyerat puisi ing yuswa 20-an, wondene piyambakipun sampun remen maos puisi wiwit mudha. Nalika nyerat puisinipun, piyambakipun asring nyampuraken antawisipun kaanan nyata kaliyan impèn-impèn, hikmat kaliyan unsur-unsur komik, tiyang ingkang umuk saha tiyang pinggiran, ingkang sadaya kala wau kapanggih wonten ing satunggal larik ingkang dipunandharaken kanthi satunggal napas.
Déné piyambakipun ugi boten garing saking prestasi. Kathah prestasi ingkang piyambakipun pikantuk saking asiling seratanipun, kados ta: Penghargaan Buku Puisi Terbaik Dewan Kesenian Jakarta, Haingah Sastra Lontar, saha Sih Award (Penghargaan Puisi Terbaik Jurnal Puisi) saha piyambakipun ugi kapilih dados sastra versi majalah Tempo.[3] Kajawi punika, Joko Pinurbo ugi pikantuk penghargaan The Khatulistiwa Literary Award pada taun 2005 saking buku Kekasihku.[4] Wonten ing tlatah internasional, Joko Pinurbo sampun naté dipunundhang kanggé maos puisi ing Festival Puisi Antarbangsa Winternachten Over-zee 2001 ing Jakarta, Festival Sastra/Seni Winternachten 2002 ing Walanda, Forum Puisi Indonésia 2002 ing Hamburg, Jerman, saha Festival Puisi Internasional-Indonésia 2002 ing Sala.[5]
Tuladhanipun buku kempalan sajak anggitanipun Jokpin, inggih kados makaten:
Kajawi saking puisi, Joko Pinurbo ugi aktip nyerat esai. Karya-karyanipun kapacak wonten ing kathah majalah saha koran, kados ta: Horison, Basis, Kalam, Citra Yogya, Jurnal Puisi, Mutiara, Suara Pembaruan, Meinga Indonésia, Republika, Kompas saha Bernas. Sajak-sajaknya juga ingmuat pula dalam berbagai antologi, a.l.: Tugu (1986), Tonggak (1987), Sembilu (1991), Ambang (1992), Mimbar Penyair Abad 21 (1996), Utan Kayu Tapsir dalam Permainan (1998).[6]
{{cite book}}
: Check |isbn=
value: length (pitulung) halaman 47
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Joko Pinurbo. |