Kedhawung | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Ordho: | Mimosaceae |
Famili: | Parkia |
Jeneng binomial | |
Parkia roxburghii G.Don |
Kedhawung tuwuhan obat kang duwé khasiat nambani weteng kembung radang usus lan kolera [1].
Antarane[2] Jawa, Peundeuy (Sunda), Kedawung (Banyuwangi) Sumatera, Pete Kerayung (Melayu), Alai Malaysia, Kedaung ([[Sarawak), kupang (Sabah), pete kerayong Peninsular
Jeneng liyan,Parkia biglobosa Auct. non Bth.
Kedhawung dhuwuré 20–40 m
Oyot :-
Wit : Duwé kambium (berkayu), jejeg, lunyu, engange momopodial, diameter wit-/+ 30 cm, warnané soklat enom (manawa esih enom), manawa wis tuwa warnané putih kotor. Godhong : Godhongé majemuk, epangé godhong berklenjar, ing epang godhong sapisan ana 15-42 pasang anak daun, epang kang kaping loro nganti 80 pasang, anak daun dawane nganti 4–10 mm, ambané 1–2 mm, bongkot bunder pucuke lincip, lan ning duwuré warnané ijo keminclong.
Kembangé majemuk, rupané malai, kembang lanang karo benang sari sepuluh, anané cedhak epang, kembang liyan duwé piranti produksi dobel (wandu), sepuluh benang sari lan putik siji, kembangé warnané kuning [4].
Dhapuré polong, dawané watara 20-36, ambané 3-4,5 cm, isiné 15-21 winih, warnané ireng.
Wijiné bulat telur, gepeng, dawané 1–2 cm, ambané-/+ 1,5 cm, kuat, kandelé 1,5–2 mm, tengahing bintik-bintik, pinggire alus, warnané soklat tuwa nganti ireng.
Dunia[3] : India, Bangladesh, Burma (Myanmar), Thailand lan Malesian region (axcept Papua New Guinea)
Laladan TNAP :
Khasiaté kedhawung iku kanggo anti-bakteria lan ning pangobatan tradhisional kanggo infeksi lan lara weteng. Kulit kayuné kang duwé antimikroba kang luwih apik tinimbang godhong lan kulit oyot[5].
No. | Bagiane Tuwuhan | Kandungane | Khasiate |
---|---|---|---|
01. | Godhong | saponin, llavonoida, tannin | Obat watuk lan weteng mules |
02. | Wiji | saponin, flavonoida | obat weteng kembung, obat kolera, radang usus |
03. | kulit kayu | saponin, flavonoida, tannin | obat watuk lan weteng mules |