Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Lambertus Nicodemus Palar (lair ing Rurukan, Tomohon, Sulawesi Utara, 5 Juni 1900 – pati ing Jakarta, 12 Fèbruari 1981 ing umur 80 taun)[1] njabat minangka wakil Republik Indonesia wonten ing manéka posisi diplomat kalebet minangka Perwakilan Indonésia wonten ing Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB). Piyambakipun ugi njabat minangka Duta Besar Indonésia wonten ing India, Jerman Timur, Uni Soviet, Kanada, lan Amérikah Sarékat. Bapakipun ingkang nama Gerrit Palar lan ibunipun ingkang nama Jacoba Lumanauw.
Palar mlebet sekolah Meer Uitgebreid Lager Onderwijs (MULO) wonten ing Tondano. Piyambakipun lajeng mlebet Algeme(e)ne Middelbare School (AMS) wonten ing Yogyakarta, lan dumunung kaliyan Sam Ratulangi. Nalika taun 1922, Palar miwiti pendidikanipun wonten ing Technische Hoogeschool ing Bandung, ingkang sapunika misuwur kanthi nama Institut Teknologi Bandung (ITB). Wonten ing ITB, Palar kapanggih kaliyan tokoh-tokoh kamardikan, kados Soekarno. Amargi gadhah lelara ingkang parah, Palar kapeksa mandheg anggènipun kuliah lan wangsul malih dhateng Minahasa. Sawetawis wekdal, Palar miwiti malih kuliahipun wonten ing Rechts Hoogeschool (cikal-bakal Fakultas Hukum UI) wonten ing Batavia, lan kagabung wonten ing Jong Minahasa. Nalika taun 1928, Palar pindhah dhateng Walanda saperlu kuliah wonten ing Universitas Amsterdam.
Palar kagabung kaliyan usaha pengakuan internasional kamardikan Indonésia kanthi dados Wakil Indonésia wonten ing PBB taun 1947. Posisi punika dipunsandhang dumugi taun 1953. Nalika masa jabatanipun prastawa-prastawa wigati kadadosan kados ta konflik antawising Walanda lan Indonésia, pengakuan kamardikan Indonésia déning Walanda, lan mlebetipun Indonésia dados anggota PBB.[2]
Nalika kadadosan konflik antawising Walanda lan Indonésia, Palar ndebataken posisi kedaulatan Indonésia wonten ing PBB lan ing Dewan Keamanan ewadenen nalika samanten piyambakipun namung gadhah gelar "peninjau" ing PBB amargi Indonésia dèrèng dados anggota nalika samanten. Sasampunipun Agresi Militer II ingkang dipunkecam déning Dewan Keamanan PBB [1][pranala mati permanèn], Perjanjian Roem Royen dipunsarujuki ingkang salajengipun dipundhéréki kaliyan Konferensi Meja Bundar lan pengakuan kamardikan Indonésia déning Walanda nalika tanggal 27 Dhésèmber 1949.
Indonésia dados anggota angka 60 wonten ing PBB nalika tanggal 28 September 1950.[2] Archived 2011-05-19 at the Wayback Machine. nalika sesorah wonten ing sangajengipun Sidang Umum PBB minangka Perwakilan Indonésia wonten ing PBB paling pisanan, Palar ngaturaken panuwun dhateng para pendhukung Indonésia lan janji Indonésia badhé nglaksanakaken kuwajibanipun minangka anggota PBB. Palar tetp wonten ing PBB dumugi piyambakipun katunjuk minangka Duta Besar Indonésia ing India. Nalika taun 1955, Palar dipunsuwun kondur dhateng Indonésia lan ndhèrèk wonten ing persiapan Konferensi Tingkat Tinggi Asia-Afrika, ingkang ngemapalaken nagara-nagara ing Asia lan Afrika ing pundi kathah saking nagara-nagara mau ingkang nembé kemawon mardika. Sasampunipun ngadani konferènsi, Palar miwiti malih tugas diplomatisipun lumantar kalungguhan Duta Besar Indonésia kanggé Jerman Timur lan Uni Soviet. Saking taun 1957 dumugi taun 1962, piyambakpun dados Duta Besar Indonésia kanggé Kanada lan salajengipun dados Duta Besar wonten ing PBB malih dumugi taun 1965. Amargi konflik antawising Indonésia lan Malaysia lan sasampunipun Malaysia kapilih mlebet ing Dewan Keamanan PBB, Soekarno nyabut kaanggotaan Indonésia ing PBB. Palar lajeng dados Duta Besar Indonésia kanggé Amérikah Sarékat. Nalika masa kepemimpinan Suharto wonten ing taun 1966, Indonésia nyuwun malih mlebet wonten ing kaanggotaan PBB lumantar pesen ingkang dipunsamektakaken dhateng Sekretaris Jendral PBB déning Palar.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)
Didhisiki déning: Boten Wonten |
{{{jabatan}}} 1950-1953 |
Diganti déning: Sudjarwo Tjondronegoro |
Didhisiki déning: Soekardjo Wirjopranoto |
{{{jabatan}}} 1962-1965 |
Diganti déning: Roeslan Abdulgani |