Let's Eat ya iku serial télévisi Koréa Kidul kang dibintangi déning Lee Soo-kyung, Yoon Doo-joon, Shim Hyung-tak, lan Yoon So-hee. Seri iki disiaraké ing tvN saka 28 Novèmber 2013 nganti 13 Maret 2014.
Lee Soo-kyung ya iku paralegal kang ketemu karo Goo Dae-young (Yoon Doo-joon) sing seneng mangan. Saka kono, Soo-kyung lan Dae-young wiwit mangan bebarengan lan kanthi mangkono bisa njalin katresnan.
Serial iki nduwèni pola adegan sing dumunung. Park Joon-hwa, prodhuser lan sutradara saka seri kasebut nyatakaké menawa "Drama iki fokus ing babagan hubungan antar wong sing sakdurungé ora kenal banjur dadi cedhak kanthi acara mangan bareng. Drama iki uga nuduhaké prosès carané wong ningkataké hubungan liwat pangan."
Terusan seri iki ditayangké ing taun 2015 kanthi irah-rahan Let's Eat 2. Carita ing seri terusan iki ya iku Yoon Doo-joon pindah menyang Sejong City ketemu karo Seo Hyun-jin, kanca lawasé kang banjur njalin katresnan marang Doo-joon.