Ludwig Ingwer Nommensen (wonten ing wewengkon Batak misuwur minangka Ingwer Ludwig Nommensen utawi I.L. Nommensen; lair ing Nordstrand, Dhénemarken (sapunika Jerman), 6 Fèbruari 1834 – pati ing Sigumpar, Toba Samosir, 23 Mèi 1918 ing umur 84 taun) inggih punika panyebar agami Kristen Protèstan ing antawising bebrayan Batak, Sumatra Lèr[1] ingkang asalipun saking nagari Jerman, nanging langkung kondhang wonten ing Indonésia.[1] Kasil saking pakarayanipun inggih punika yasanipun sawijining gréja paling ageng ing sadengahing tlatah Batak Toba, Huria Kristen Batak Protèstan (HKBP).[1]
Nommensen asalipun saking Pulo Noordstrand ing Schleswig, ingkang wekdal punika minangka wewengkon Dhénemarken.[1] Kulawarganipun gesang ing sadengahing kamiskinan saéngga wiwit alit Nommensen sampun biyasa gesang wonten ing kaanan ingkang sarwa winates.[1][2][3] Saking bab punika, wiwit alit piyambakipun sampun pados nafkah saperlu mbiyantu tiyang sepahipun.[1][2] Nalika umur 7 taun, Nommensen milih angon angsa tinimbang lenggah wonten ing bangku pamulangan.[4] Nalika umur 8 taun, piyambakipun sampun wiwit pados nafkah saperlu mbiyantu tiyang sepahipun kanthi cara angon domba.[1][4] Wonten ing umur 9 taun, piyambakipun sinau dados tukang gendhèng.[1][4] Lajeng, wonten ing umur 10 taun, piyambakipun nyambut damel mbiyantu satunggaling tani ingkang sugih sinambi sinau nggarap lemah.[3] Piyambakipun ugi nyambut damel nuntun turangga ingkang narik bajak saperlu mbajak sabin tiyang tani sugih punika.[3]
Wonten ing taun1846, nalika umur 12 taun, Nommensen ngalami kacilakan.[1][3] Nalika piyambakipun dolanan kaliyan kancanipun, piyambakipun dipuntabrak kréta turangga ingkang nglindhes samparanipun dumugi tugel lan kaanan makaten maksa piyambakipun lèrèn kanthi wekdal ingkang radi dangu.[1] Wekdal punika, wonten ing pandonganipun, Nommensen nyuwun kasarasan lan jangji, manawi piyambakipun mantun, piyambakipun badhé martakaken injil dhateng tiyang kafir.[1][5] Sasampunipun mantun, Nommensen wangsul malih dados buruh tani saperlu mbiyantu kulawarganipun sasampuning bapakipun tilar donya.[6]
Wonten ing yuswa 20 taun, Nommensen tindak dhateng Barmen (sapunika Wuppertal) saperlu nglamar dados panginjil.[1][5] Sadanguning 4 taun piyambakipun sinau wonten ing seminari zending Lutheran Rheinische Missionsgesellschaft (RMG).[1][5] Sasampuning wisudha, piyambakipun lajeng dipuntahbisaken dados pandhita nalika taun 1861.[1] Piyambakipun kaparingan ayahan déning RMG dhateng Sumatra lan dumugi ing tanggal 14 Mèi 1862 ing Padang.[1] Piyambakipun miwiti misinipun wonten ing Barus kanthi pangajab badhé pikantuk ijin saperlu netep wonten ing wewengkon Toba.[5] Nanging, pamaréntah kolonial boten ngidinaken kanthi alesan kawilujengan.[7] Amargi punika, piyambakipun kagabung kaliyan panginjil-panginjil sanès, inggih punika misionaris Pdt. Heyni lan Pdt. Klammer ingkang sampun wonten ing wewengkon Sipirok ingkang sasampuning Perang Padri kalebetaken wonten ing wewengkon Hindia-Walanda.[7] Ing mrika, sapérangan saking sing ndunungi sampun mlebet agami Islam saéngga kamajenganipun lendhet.[7] Sasampuning pirembagan kaliyan kekalih Missioanaris punika, dipunsarujuki pambagéan wewengkon lelados, bilih Nomensen badhé nyambut damel ing Silindung.
Nommensen tilar donya tanggal 23 Mèi 1918, kanthi yuswa 84 taun.[1] Nommensen lajeng dipunsarèkaken ing Sigumpar, ing Tanah Batak, sasampuning tumandhang kanggé bebrayan punika sadanguning 57 taun.[1]
<ref>
ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng van den End