Masjid Ageng Kraton Surakarta Hadiningrat utawi saged dipunsebat Masjid Agung Kraton Surakarta ing nalika jaman sadèrèngipun kamardikan inggih punika masjid kagunganipun Kraton Surakarta Hadiningrat ingkang gadhah pigunan kanggé papan sarana ngibadah ugi minangka papan punjering kanggé nyiaraken agama Islam kanggé para warga kraton.[1]
Masjid Ageng Surakarta punika dipunyasa déning Sunan Pakubuwono III nalika taun 1763 M ngantos taun 1768 M.[2] Masjid punika kalebet masjid Jami’ inggih punika masjid ingkang dipun-ginakaken kanggé salat jama’ah ingkang saged ngewrat jamaah ingkang kathah dados makmumipun nalika wekdal salat, kados ta Salat Jum’at saha salat Id. Minangka masjid kraton, masjid ageng punika ugi gadhah pigunan kanggé nyurung sadaya kaperloning kraton ingkang gayut kaliyan pagelan agama, kados ta Grebeg saha festival Sekatèn]. Raja (sunan) Surakarta gadhah fungsi minangka panatagama utawi ingkang ngatur urusanipun agama, déné masjid punika minangka papan kanggé nyamektakaken fungsi punika. Sedaya pegawe masjid ageng ugi dipunangkat minangka abdi dalem kraton kanthi gelar kados ta ‘’Kanjeng Radèn Tumenggung Penghulu Tafsiranom]] kanggé penghulu masjid, saha Lurah Muadzin kanggé juru adan masjid ageng.
Masjid Agung Kraton Surakarta punika gadhah lahan ingkang ambanipun kirang langkung 19.180 mèter pasagi ingkang boten saged dipunpisahaken saking lingkungan ing sakitering kraton kanthi témbok pager keliling masjid dhuwuripun 3,25 mèter. Yasan Masjid Agung Kraton Surakarta punika inggih yasan kanthi gaya ‘’tajug’’ kanthi payon tumpang tiga saha gadhah pucuk (makutha). Gaya arsitèktur kados makaten inggih naming kanggé yasan masjid kemawon. Wonten ing salebeting kompleks masjid Agung punika saged kapanggih yasan sanèsipun kanthi piigunal kultiral kas Jawa- Islam. Wonten ugi maksura ingkang minangka papan panjangkeping masjid kraton.
Pager masjid kapérang dados kalih, inggih punika:
Ing palataran masjid ugi madeg yasan- yasan sanèsipun ingkang minangka jejangkeping yasan utama masjid, kados ta:
Gedung PGA Negeri ingkang dipunyasa déning Sunan Pakubuwana X nalika taun 1914 saha dados kagunganipun kraton