Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Barkas:Kyushu-national-muséum01.jpg | |
![]() | |
![]() | |
Dikukuhaké | 16 Oktober 2005 |
---|---|
Pernah | ![]() |
Jinis | sajarah |
Dhirèktur | Karoku Miwa (direktur) |
Situs jaringan | www.kyuhaku.jp |
Musiyum Nasional Kyushu (九州国立博物館 Kyushu Kokuritsu Hakubutsukan) inggih punika musiyum sajarah ingkang dipunkelola Institut Nasional Peninggalan Budaya wonten ing Dazaifu, Prefektur Fukuoka, Jepang. Musiyum mapan ing gedung kanthi pitung tingkat, kalebet kalih tingkat ing ngandhap lemah. Lokasi musiyum wonten ing caket Dazaifu Tenman-gū.
Benten kaliyan musiyum nasional ing Tokyo, Kyoto, saha Nara ingkang langkung minangka musiyum seni, Musiyum Nasional Kyushu minangka musiyum sajarah. Musiyum punika kabangun saperlu mangertosi budaya Jepang saking sudut pandang Asia. Nalika jaman rumiyin, Kyushu minangka gerbang perdagangan saha pertukaran budaya kaliyan bangsa-bangsa sanèsipun ing Asia. Koleksi musiyum punika antawisipun artefeak saking jaman Batu Tua dumugi pungkasaning jaman Edo.[1]
Pambangunan musiyum wonten ing Kyushu sampun dipunarep-arep déning Okakura Tenshin wiwit satunggal abad saderengipun. Pambangunan musiyum sampun karintis Dazaifu Tenman-gū wiwit taun 1893, nanging tembe kawujud ing taun 2005.
Nalika wulan Juli 1893, pangurusDazaifu Tenman-gū gadhah rencana yasa Musiyum Chinzei minangka péranganing pengetan 1000 taun Sugawara no Michizane.[2] Sabibaripun Prefektur Fukuoka sarujuk, pangurus wiwit ngempalaken dana. Nalika taun salajengipun wonten Perang Sino-Jepang Kapisanan, rencana yasa musiyum dipunbatalaken.
Pratélan barang-barang kanggé Musiyum Chinzei dipunbiwarakaken nalika taun 1896. Wonten gambar “Koma inu, Tembikar sue, saha ishibōchō. Nalika wulan Fèbruari 1899, Okakura Tenshin ndhèrèk biwarakaken wigatinipun pambangunan musiyum wonten ing Kyushu. Panjurung kanggé pambangunan musiyum kaserat déning Mori Ōgai wonten salebeting artikel Ware o shite kyūshū no fujin tarashimeba (我をして九州の富人たらしめば) ingkang kamot ing Fukuoka Nichi Nichi Shimbun (sapunika Nishinippon Shimbun), 29 September 1899.[3]
Nalika Juni 1994, Kantor Kebudayaan mbentuk sawijining komite penyelidikan pambangunan musiyum énggal. Ing Maret 1996, komite netepaken bilih pambangunan musiyum énggal kaadanan ing Dazaifu, Prefektur Fukuoka. Rencana dhasar Musiyum Nasional Kyushu rampung nalika wulan Maret 1999.
Pambangunan gedung dipunwiwiti ing wulan Maret 2002, saha rampung nalika April 2005. Lajeng, badan hukum awujud institusi administrasi independen dipundhirikan minangka pengelola musiyum.
Musiyum dipunbikak kanggé masarakat umum ing tanggal 16 Oktober 2005. Dumugi 19 Fèbruari 2006, pihak musiyum nedahaken total cacahing pangunjung langkung saking satunggal yuta tiyang. Dumugi 16 November 2007, musiyum punika cacahing pangunjung sampun langking saking 4 yuta pangunjung.