Poerbatjaraka

Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka

Prof. Dr. Radèn Mas Ngabehi (Lesya) Poerbatjaraka (Jawa: ꦦꦸꦂꦧꦕꦫꦏ;​ *Surakarta, 1884 – +Jakarta, 1964) iku ahli budaya, ngèlmuwan Jawa lan mligi nimpuna sastra Jawa Kuna. Dhèwèké duwé keturunan kraton. Jenazahe dimakamke ing Karet Bivak, Jakarta.

Panjenengané iku putra salah sijining sentono dalem Karaton Kasunanan Surakarta; Kandjeng Radèn Mas Tumenggung Purbadipura (éjaan modhèren), Bupati Anom Surakarta. Pak Purbadipura iku sentono dalem Sunan/Susuhunan Pakubuwana X kang tinresnan dhéwé, panjenengané sastrawan lan kerep nembangaké tindakan-tindakané ingkang sinuwun Sunan Pakubuwana X.

Nalika cilik

[besut | besut sumber]

Poerbatjaraka, kang gadhah jeneng cilik Lesya, uga didhidhik ing kalangan karaton. Panjenengane sekolah ing HIS (Hollandsch-Indische School) kang suwéné 7 taun. Ing kéné Lesya sinau basa Melayu, basa Landa lan kawruh dhasar liyané. Amerga panjenengané bisa basa Landa, Lesya bisa celathu karo bala wadya Walanda kang ana ing Sala. Para bala Landa iki katon yèn seneng ngobrol karo bocah kang pinter iki.

Lesya dhemen maca. Ing yuswa timur panjenengané wis bisa maca layang-layang klasik Jawa, pira-pira ing antarané awujud naskah manuskrip kang bisa tinemu ing pabukon bapane. Pasrawungan pisanan karo sastra Jawa Kuna kadadéan nalika panjenengané nemu buku karangan ahli Indologi kawentar, Prof. Dr. Hendrik Kern.

Buku iki sajatiné hadhiyah sawijining priyayi Walanda ing ingkang sinuwun Sunan Pakubuwana X. Anging panjenengané kurang ngerteni isi buku iki dadi diparingake pak Purbadipura. Mbokmenawa karsane supaya dijlentrehake. Banjur buku iki diwaca déning Lesya lan panjenengané dadi seneng banget.

Para abdi dalem karaton kang seneng sastra Jawa kala iku kerep nganakake panemonan diskusi bedhah sastra. Lesya kang isih timur seneng mèlu panemonan iki. Amerga wis rumangsa ngerti akèh, panjenengané tau nantang sawijining abdi dalem sepuh. Tibake iki buntute dawa lan Lesya ora kerasan manèh.

Wanci ing Batavia

[besut | besut sumber]

Amerga panjenengané rumangsa luwih cocog karo pendekatan ilmiah kang kerep diwaca saka buku-buku Landa, banjur panjenengané nulis laying marang Residhen Surakarta kala iku. Sang residhen kang wis tau krungu kapinterane Lesya banjur ngirim Lesya menyang Batavia/Jakarta ing taun 1910. Ing kana Lesya dikon nyambut gawé ing Dinas Purbakala ing Museum Gajah.

Kala iku iki Lesya diparingi asma Poerbatjaraka. Asma iki katata saka gelar purba kaya asma bapane lan tembung caraka, saka aksara Hanacaraka kang uga nduwé teges duta utawa utusan. Gelar Radèn Mas Ngabehi, kang luwih ngisor tinimbang gelar Kandjeng Radèn Mas Tumenggung gadhah bapane uga diparingake. Panjenengané olèh rabi karo sawijining Bandoro Raden Ayu Roosinah Poeger, putrinipun Gusti Pangeran Haryo Puger ingkang putradalem Sultan Hamengkubuwono VI.

Ing musiyum, Poerbatjaraka dianggep pinter lan kerep dijaluki tulung déning para nimpuna. Ing kéné panjenengané uga nerusaké pasinaonane ing sastra Jawa Kuna lan miwiti sinau basa Sansekreta.

Ing Walanda

[besut | besut sumber]

Panjenengané ditugasaké ing Universitas Leiden ing Walanda dadi asistèn Prof. Dr. Hazeu, mahaguru sastra Jawa. Banjur ing taun 1926, kamangka ora tau kuliyah, Poerbatjaraka olèh promosi lan olèh gelar dhoktor karo dhisertasiné: Agastya in den Archipel.

Sabaliné ing Museum Gajah, ing taun 1930-an, panjenengané diwèhi pagawéyan dadi kurator naskah manuskrip lan tugas kanggo katalogisasi kabèh naskah Jawa.

Sawisé iku, banjur Indonésia mardika, panjenengané dadi profésor ing Universitas Indonésia, Jakarta, Universitas Gadjah Mada, Yogyakarta lan Universitas Udayana, Denpasar, Bali. Malahan ing Denpasar, fakultas sastra iku yasané panjenengané.

Bibliografi

[besut | besut sumber]
  • 1952 - Kapustakan Djawi, Djakarta/Amsterdam: Djambatan.
  • 1968 - Cerita Panji Dalam Perbandingan. Djakarta: Obor.
  • Th. Pigeaud, ‘In Memoriam Professor Poerbatjaraka’, BKI, 122: 1966, pp. 404–412

Uga delengen

[besut | besut sumber]