Operasi Shredder | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Péranganing Konflik Arab-Israèl | |||||||
| |||||||
Péhak kang perang | |||||||
Pasukan Israèl | Pasukan Yordania | ||||||
Pangarep | |||||||
Yoav Shalam Levi Eshkol |
Bahjat al-Muhaisen Hussein I bin Talal | ||||||
Kakuwatan | |||||||
400 prajurit 40 panser 10 tank |
100 prajurit 20 Konvoi montor | ||||||
Kurban | |||||||
1 tiwas 10 tatu |
16 Prajurit Yordania tiwas 54 Prajurit Yordania tatu 15 montor rusak 1 fighter jet ajur 3 sipil tiwas 96 sipil tatu |
Prastawa Samu ngrujuk marang operasi serangan militèr Israèl tanggal 13 November, 1966, nalika Pasukan Israèl lumebu tlatah Gisik Kulon sisih kidul, kang dikuwasani Yordania, kanggo mbales serangan Fatah marang wadyabala Israèl ing cedhak tapel wates Gisik Kulon. Serangan iki minangka operasi serangan Israèl kang gedhé dhéwé wiwit Krisis Suez taun 1956. Operasi iki dianggep nyurung pecahé Perang enem dina taun 1967 bebarengan karo sebab-sebab liyané.
Sawijining wengi ing sasi November, kendharaan patroli tapel wates Israèl midak ranjau kang dipasang déning golongan Fatah saka PLO. wusanane telu pulisi Israèl tiwas lan enem tatu.[1] Tanggal 12 November, Raja Hussein saka Yordania, amarga kuwatir olèh piwales saka Israèl ngucapake belasungkawa marang Nayakotama Israèl Levi Eshkol liwat Kedhutaan Amérika Sarikat ing Amman. Saka Aman layang mau dikirim menyang Kedhutaan Amérika Sariket ing Tel Aviv ya iku menyang Dhuta Besar Barbour kang ora nerusaké layang mau marang Nayakotama amarga nganggep kurang wigati lan ora perlu kesusu. Esuk umun-umun kaping 13 November Raja Hussein, kang wis naté patemon kanthi sesidheman karo Abba Eban lan Golda Meir sajeroning telung taun ngenani perdamaian ing tlatahn tapel wates, nampa kabar saka kontake ing Israèl yèn Israèl ora duwé niyat nyerang Yordania.[2] Sanadyan mangkono, ora suwé, Angkatan Perang Israèl nyiagakake 400 prajurit, 40 jip lan 10 tank nyebrangi tapel wates menyang Gisik Kulon.