Varisès ya iku metuné urat-urat alus kang mlengkak-mlengkok, nyabang kaya jaring temangga.[1] Varisès iku pelébaranpembuluhgetih amarga gedhéné tekanan maring laladan tertamtu, tuladhané varisès sikil kang dialami ibu kang lagi ngandhut utawa wong kang kelemon.[1]
Varisès lumrahé tinemu ing suthang ngisor, suthang dhuwur, lan dinding weteng pérangan ngisor.[2] Sanajan biyasa tinemu ing laladan-laladan kang disebutaké mau, pranyata varisès bisa tinemu ing pérangan endi waé ing awak.[2]
Ana 5 prakara kang bisa marakaké varisès sikil.[3]
Kehamilan / meteng / ngandhut bisa ngundhakaké ilèn getih ing kabèh pérangan awak. Bobot tambahan saka kandhutan kang saya gedhé uga bisa marakaké varisès.
Keturunan utawa génetik iku faktor tunggal kang paling bisa dipesthékaké marakaké varisès.
Kurang obah / obah. Akèh gawéan kang nuntut kudu lungguh sadina-dina. Perkara iku mau bisa marakaké peredaran getih ora lancar lan tekanan kang kakéhan ing laladan sikil.
Hormonal iku salah siji faktor kang bisa marakaké varisès. Faktor hormonal iki biyasa dialami wong kang lagi ngandhut, pubertas, menopause, lan wong kang nggunakaké kontrasepsi hormonal
Kakéhan ngadeg bisa marakaké getih luwih akèh terkonsèntrasi ing sikil saéngga tekanan ing laladan iku mundhak. Kuwi bisa marakaké pembuluh getih saya amba kanthi permanen.
Varisès golongan èntèng uga ingaran spider navy. Lumrahé amarga suhu kang banget panasé utawa atisé, amarga kena sorot srengéngé terus-terusan, lagi ngandhut, faktorgènetik, biyasa mangan pedhes, lan usadahormonal. Spider navy bisa metu ing rai, pangkal lengen, sémpol, laladan dhengkul, lan pergelangan sikil lan tungkak. Térapi kang kanggo marasaké ya iku laser utawa nganggo pirantilistrik kanggo nglebokaké zat maring kulit kanthi ancas nyilikaké pembuluh getih.
Varisès ing jero kulit. Varisès iki ndadi ing pembuluhvéna kang alus lan tipis ing sikil. Kanggo marasaké lumrahé nggunakaké usada kang bisa nguataké dinding vena lan nglancaraké ilèn getih. Kajaba iku, kang ngalami varisès jinis iki uga dikongkon nganggo stockingmirunggan kang fungsiné menekan pembuluh véna saéngga otot lan dinding vena bisa makarya kanthi maksimal
Rèticular varicose veins'' ya iku wujud varisès kang wis nemen amarga ndadi ing pembuluh getih kang ana ing ngisor kulit. Kanggo marasaké lumrahé nggunakaké usada kang bisa nguataké dinding vena lan nglancaraké ilèn getih. Kajaba iku, kang ngalami varisès jinis iki uga dikongkon nganggo stockingmirunggan lan ulah raga kaya joging lan nglangi sarta disaranaké ora ngaggo sepatu utawa sandhal high heel
Varisès kronis iki bakal ngatonaké pembuluh getih kang mlengkak-mlengkok ing kéntol. Kanggo marasaké lumrahé nggunakaké usada kang bisa nguataké dinding vena lan nglancaraké ilèn getih. Kajaba iku, kang ngalami varisès jinis iki uga dikongkon nganggo stockingmirunggan lan ulah raga kaya joging lan nglangi sarta disaranake ora ngaggo high heel. Kajaba iku uga disaranaké térapi suntik. Yén térapi suntik ora mempan, pembuluhvéna kudu dibedhah kanggo ngilangi pembuluhvéna kang rusak.