Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(kurang lebih 20.000.) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Kalimantan Timur: 8.956.Kalimantan Barat | |
Basa | |
basa Dayak, Malayu, Indonésia | |
Agama | |
Kaharingan, Kristen | |
Golongan ètnik magepokan | |
Dayak (Ngaju |
Rumpun Punan utawi Wong Punan inggih punika salah satunggaling rumpun suku Dayak ingkang dumunung ing Kalimantan Barat, Kalimantan Tengah, lan Kalimantan Timur.[1] Ing 6 kabupatèn ing Kalimantan Timur wonten 8.956 jiwa suku Punan ingkang kasebar wonten ing 77 lokasi pemukiman.[2] Suku-suku Dayak ingkang kalebet ing rumpun Punan antawisipun:
Suku Dayak Punan ing Kalimantan Tengah dumunung ing hulu Kali Barito inggih punika ing Kabupatèn Murung Raya ingkang kaloka minangka Suku Dayak Punan Murung. Kathah-kathahipun suku-suku Dayak ing Kalimantan Tengah kalebet ing rumpun Ot Danum kejawi suku Dayak Punan Murung.
Dayak Punan minangka salah satunggaling subsuku Dayak ingkang papan dunungipun ing perhuluan Kali Kapuas. Etnis ingkang kala rumiyinipun minangka bangsa nomaden, sapunika langkung dumunung lan mraktékaken sistem tetanén gilir balik (ladhang). Sub-ètnis dayak Punan ingkang mapan ing perhuluan Kali Hovongan (Bungan), anak kali Kapuas ingkang kasungsun saking manéka kampung:
Prakiran cacahing nyaketi angka 2000 jiwa.
Kelompok punika gadhah sawijining Temenggung inggih punika "Akek Dalung Tapa" (*nembé séda akir wulan juni 2009) lan sapunika dipungantosi déning putra ragilipun inggih punika Temenggung Abang Dalung (2009)
Kode Basa Hovongan inggih punika HOV
Inggih punika sub suku Punan ingkang papan dunungipun ing perhuluan Kali Kapuas lan Kali keriau/Kereho sub punika kasungsun saking manéka kampung:
Kelompok gadhah sawijining temenggung inggih punika Agustinus Djangin.
Populasi ètnis punika dipunprakirakaken antawis 2500 Jiwa.
Kode Basa Uheng Kereho inggih punika xke
Laladan ketemenggungan Dayak Punan punika saged dipuntuju kanthi migunkaken transportasi kali saking Putussibau kanthi béya sewa speed boat manéka jinis saking satunggal yuta dumugi tigang yuta gangsalatus èwu rupiyah. Sumber daya alamipun taksih kathah; kados ta sarang manuk walet lan kasuihan tambang sanèsipun. Nanging amargi tebih wewengkonipun, kathah wong punika taksih terisolasi saking dunya njawi saéngga tingkat perekonomian sarta pendidikan dumugi sapunika wonten ing tingkat ingkang nggegirirsi.
Ing saben kampung-kampung tiyang Punan, anak ingkang sekolah dumugi tamat pendidikan dhasar saged dipunetang kanthi driji, punapa malih ingkang namataken bangku kuliah.
Dayak Punan Hulu Kelay ingkang papan dunungipun ing hulu Kali Kelay, Kabupatèn Berau, Kaltim kasungsun saking: