Adinegoro | |
---|---|
Lair | Talawi, Sumatra Kulon | 14 Agustus 1904
Pati | Januari 8, 1967 Jakarta | (umur 62)
Basa | Basa Indonésia |
Bangsa | Indonésia |
Suku | Melayu |
Warga nagara | Indonésia |
Adinegoro ( Talawi, Sumatra Kulon, 14 Agustus 1904 - Jakarta, 8 Januari 1967 ) punika sastrawan Indonesia lan wartawan kawakan. Piyambakipun gadhah pendidikan STOVIA (1918-1925) lan naté memetri kawruh bab jurnalistik, géografi, kartografi, lan geopulitik ing Jerman lan Walandi, taun (1926-1930).
Nami asli Adinegoro saleresipun Djamaluddin gelar Datuk Madjo Sutan. Piyambakipun punika rayinipun sastrawan Muhammad Yamin, sadhèrèk tunggal Bapa nanging bènten ibu. Bapakipun Adinegoro inggih punika Usman gelar Baginda Chatib lan ibunipun ingkang asma Sadarijah, déné ibunipun Muhammad Yamin inggih punika ingkang asma Rohimah.
Adinegoro kapeksa nganggé asma sesinglon amargi nalika taksih sekolah wonten ing STOVIA piyambakipun boten dipunparengaken nyerat. Kamangka, wekdal punika kekarepan kanggé nyerat ageng sanget. Pramila, lajeng nganggé sesinglon Adinegoro minangka identitas énggal, saéngga saged nyerat lan publikasi seratannipun tanpi kadenangan bilih Adinegoro punika saleresipun inggih Djamaluddin gelar Datuk Madjo. Wusananipun nama Adinegoro minangka sastrawan langkung misuwur tinimbang nama aslinipun, Djamaluddin.
Nalika sinau sekawan taun wonten ing Berlin, Jerman, Adinegoro memetri bab jurnalistik. Sansipun punika, piyambakipun ugi nyinaoni bab kartografi, géografi, pulitik, lan geopulitik. Tamtu kémawon, pengalaman sinau wonten ing Jerman punika kathah sanget nambih kawruh lan wawasanipun, ingkang utami bab jurnalistik. Adinegoro, Pancèn langkung misuwur minangka wartawan tinimbang sastrawan.
Piyambakipun miwiti karir minangka wartawan ing kalawarti Caya Hindia, dados pembantu tetap. Saben minggu piyambakipun nyerat artikel bab manca nagari ing kalawarti punika. Nalika sinau wonten ing manca nagari (1926—1930), Piyambakipun nyambi dados wartawan bébas (freelance journalist) wonten ing serat kabar Pewarta Deli (Medan), Bintang Timur, lan Panji Pustaka (Jakarta).
Sakwangsulipun dhateng tanah air, Adinegoro mimpin kalawarti Panji Pustaka ing taun 1931, nanging boten lami namung enem wulan. Saksampunipun punika, piyambakipun mimpin serat kabar Pewarta Deli ing Medan (1932—1942). Piyambakipun ugi naté mimpin Sumatra Shimbun salami kalih taun. Lajeng, sesarengan kaliyan Prof. Dr. Supomo, piyambakipun mimpin kalawarti Mimbar Indonesia (1948—1950). Salajengipun, Adinegoro mimpin Yayasan Pers Biro Indonesia (1951) lan wusana, piyambakipun nyambut damel wonten ing Kantor Berita Nasional (saterasipun lajeng dados LKBN Antara). Ngantos akir hayatipun Adinegoro ngabdi wonten ing kantor berita punika.
Adinegoro ndhèrèk ngadegaken Perguruan Tinggi Jurnalistik ing Jakarta lan Fakultas Publisistik lan Jurnalistik Universitas Padjadjaran. Piyambakipun naté ugi dados Tjuo Sangi In (kados déné Dewan Rakyat) ingkang dipunwujud déning Jepang taun (1942-1945), anggota Dewan Perancang Nasional, anggota MPRS, Ketua Dewan Komisaris Penerbit Gunung Agung, lan Présidhèn Komisaris LKBN Antara.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |