Garuda di Dadaku | |
---|---|
![]() poster filem | |
Disutradarani | Ifa Isfansyah |
Diprodhuseri | Shanty Harmayn |
Ditulis déning | Salman Aristo |
Dibintangi | Emir Mahira Aldo Tansani Marsha Aruan Ikranagara Maudy Koesnaedi Ari Sihasale Ramzi |
Dimusiki | Netral |
Sinématografi | Rendi Soedoewendtju |
Dibesut déning | Rachmad Supriyanto |
Perusahaan prodhuksi | |
Dibabar déning | ![]() ![]() |
Tanggal metu | ![]() |
Suwéné | 96 menit |
Nagara | ![]() |
Basa | ![]() |
Rantaman | ![]() |
Kalarisan | ![]() |
Garuda di Dadaku ya iku filem Indonésia kang dirilis ing taun 2009 kang disutradarani déning Ifa Isfansyah.[1] Paraga ing filem iki ya iku Emir Mahira, Aldo Tansani, Marsha Aruan, Ikranagara, Maudy Koesnaedi, Ari Sihasale, lan Ramzi.[1]
Bayu, kang isih kelas 6 SD nduwé mimpi ya iku dadi pemaèn bal-balan kang hebat. Saben dina kanthi gumregah, dhèwèké dolanan bal ing gang-gang ing saubengé omahé lan gladhèn dhéwé. Heri, kanca raket Bayu ngrasa yèn Bayu nduwé keprigelan kang apik banget ing babagan bal-balan. Heri kang mesthi mènèhi motivasi kanggo Bayu. Heri ngyakinaké Bayu supaya mèlu pamilihan kanggo lumebu Tim Nasional U-13 kang mengkoné bisa makili Indonésia ing arena Internasional. Nanging, Pak Usman simbahé Bayu ora ngidini yèn Bayu maèn bal-balan. Pak Usman ngira yèn dadi pemaén bal-balan iku mesthi dadi wong cilik kang ora duwé tembé buri ang apik.[2]
Diréwangi kanca anyaré, Zahra kang nyalawadi, Bayu lan Heri kudu nggolèki manéka alesan supaya Bayu bsa gladhèn terus. Nanging, akèh banget alangan kang ngalang-alangi mimpiné Bayu lan uga kekancan antarané Bayu, Heri, lan Zahra bisa bubrah.[3].