HKT48 | |
---|---|
Saka | ![]() |
Génre | J-Pop |
Mangsa akarya | 2011 –sekarang |
Sing magepokan | AKB48 |
HKT48 ya iku grup idola Jepang basisé ing Hakata, Fukuoka[1] kang diwangun prodhuser Yasushi Akimoto.[2] Grup iki wujud grup sadulur katelu saka AKB48.[3]
Téater HKT48 ana ing Hawks Town Mall, cepak karo Yahoo Dome ing Fukuoka. Mbièné téater iki ya iku bekas stadion futsal. Sawisé dirénovasi, Téater HKT48 wiwit minangka pentas wiwit 26 November 2011.[4] Kanti kapasitas 300 wong (kalebu 2 kursi roda lan 38 ngadeg)[5], Teater HKT48 aiku teater kapasitasé penonton gedhé dhéwé ing antarané teater-teater grup AKB48.
Rencana pambentukan HKT48 diumumaké sajeroning acara salaman AKB48 kang dianakaké 1 Mèi 2011 ing Makuhari Messe.[3] Pendaftaran gelombang pertama dibuka dari 1 Mèi hingga 31 Mèi 2011.[6] Audisi kang kagolong saka selèksi lamaran, wawancara, jogèd, lan nyanyi dilangsungaké ing Fukuoka.[3] Audisi gelombang sapisan 10 Juli 2011 nglulusaké 24 wong.[7] Pawongan kang lulus akèhé saka 5 prefektur ing Kyushu lan Prefektur Yamaguchi. Umur rata-rata anggota 13,8 taun,[8] wiwit saka murid kelas 5 sekolah dhasar nganti murid kelas 2 sekolah menengah atas (SMA). Ing antarané proyèk-proyèk AKB48, HKT48 ya iku grup kanti umur rata-rata anggota kang paling enom.[9]
Anggota angkatan sapisan jumlahé 21 wong, diumumaké ing acara salaman AKB48 ing Seibu Dome, Saitama, 23 Oktober 2011.[8] HKT48 pertama kali tampil sepisanan ing 6 November 2011 sajeroning acara bersalaman AKB48 ing Marine Messe Fukuoka.
HKT48 wiwit pertunjukan teater "Te o Tsunaginagara" ing Teater HKT48, 26 November 2011. Repertoar iki wujud daur ulang saka répertoar berjudul padha kang pernah ditotonaké déning Tim S SKE48.[10]
HKT48 kanggo sepisanan tampil ing luar teater dhéwé ya iku nalika 4 Fèbruari 2012. Kabèh munggah panggung kaping pindo ing Teater AKB48, Tokyo.[11]
Ing 4 Maret 2012, HKT48 mbentuk Tim H kang kagolong saka 16 siswi angkatan pertama. Chihiro Anai ditunjuk minangka kaptèn, sementara Haruka Kodama manggoni posisi tengah-depan.[12] Sawisé Tim H diwangun, HKT wiwit pertunjukan panggung pertama Tim H 1st "Te o Tsunaginagara''. Pertunjukan repertoar iki wis dimulai HKT48 kanti kabèh anggotané nalika 26 November 2011. Nanging sawisé dibentuké Tim H, posisi lan anggota unit dianyari manèh.[12]
Nama | Tanggal lair |
---|---|
Chihiro Anai (穴井 千尋? Chihiron (ちひろん)) | Januari 27, 1996 |
Nao Ueki (植木 南央? Nao (なお)) | Agustus 12, 1997 |
Serina Kumazawa (熊沢 世莉奈? Seri-nu (せりーぬ)) | April 17, 1997 |
Haruka Kodama (兒玉 遥? Haruppi (はるっぴ)) | Sèptèmber 19, 1996 |
Rino Sashihara (指原 莉乃? Sasshii (さっしー)) | Novèmber 21, 1992 |
Yuki Shimono (下野 由貴? Shinamon (しなもん)) | April 2, 1998 |
Natsumi Tanaka (田中 菜津美? Natsumikan (なつみかん)) | Agustus 10, 2000 |
Chiyori Nakanishi (中西 智代梨? Chori (ちょり)) | Mèi 12, 1995 |
Natsumi Matsuoka (松岡 菜摘? Natsu (なつ)) | Agustus 8, 1996 |
Sakura Miyawaki (宮脇 咲良? Sakura (さくら)) | Maret 19, 1998 |
Anna Murashige (村重 杏奈? Anya (あーにゃ)) | Juli 29, 1998 |
Aoi Motomura (本村 碧唯? Aoitan (あおいたん)) | Mèi 31, 1997 |
Madoka Moriyasu (森保 まどか? Madoka (まどか)) | Juli 26, 1997 |
Haruka Wakatabe (若田部 遥? Wakachan (わかちゃん)) | Sèptèmber 26, 1998 |