Kidung Sundha iku sawijining karya kasusastran basa Jawa Tengahan awujud tembang. Kamungkinan gedhé asalé saka Bali. Ing kidung iki dicaritaaké prabu Hayam Wuruk saka Majapait kang kersa nggolèk gandhèngan amarga kersa krama. Panjenengané banjur kersa krama karo putri Sundha kang asmane ing carita iki ora diarani. Nanging patih Gajah Mada ora seneng amarga wong Sundha dianggep kudu tundhuk marang wong Majapahit. Banjur ana prang gedhé ing Bubat, palabuhan panggonané wong-wong Sundha ndarat. Ing kadadéan iki wong-wong Sundha kalah lan putri Sundha kang atiné nlangsa banjur matèni awaké dhéwé (béla).
Sawijining ahli sastra Jawa saka Walanda, Prof. Dr. C.C. Berg, tau manemoaké pirang-pirang vèrsi Kidung Sundha. Loro ing antarané tau diwedhar lan dicithakaké.
Kidung Sundha kang mau dhisik ing dhuwur, luwih dawa lan mutu kasustrané luwih becik. Ya versi iki kang bakal diwedharaké ing artikel iki.
Ing ngisor iki, ringkesan Kidung Sundha dicaosaké. Ringkesan kabagé miturut pupuh.
Hayam Wuruk, ratu Majapahit kersa nggolèk prameswari kanggo dikrama. Banjur panjenengané dhawuh ngirim utusan-utusan manuju saubenging Nusantara (Nuswantara) kanggo nggoleki putri kang cocog. Kabèh padha nggawa bali lelukisan gambar putri-putri kang ayu-ayu. Nanging ora ana kang dikersani sang prabu. Rikala iku sang prabu mireng yèn putri Sundha misuwur banget ayuné. Banjur panjenengané dhawuh ngirim juru lukis mrana. Sawisé bali, banjur lelukisan dicaosaké marang sang Prabu. Nalika iku kabeneran uwané (pak-dhéné) Prabu Hayam Wuruk lagi niliki kaponakané, yaiku prabu Kahuripan karo prabu Dhaha. Uwané prihatin panggalihé amarga nganti seprana, prabu Hayam Wuruk durung krama.
Nuli prabu Hayam Wuruk, katarik karo lukisané putri Sundha. Banjur prabu Hayam Wuruk dhawuh mantriné kang anama Madu, dadi duta mara menyang tanah Sundha kanggo nglamar putri Sundha.
Madu teka ing tanah Sundha sawisé numpak baita nem dina. Banjur dhèwèké pinarak ing sang ratu Sundha lan matur alesané mara. Raja Sundha bungah panggalihé lan saguh. Panjenengané bangga yèn prabu Majapahit kang kasub iku kersa krama karo putriné. Nanging putri Sundha dhéwé ora akèh ngandikané..
Madu banjur bali ing Majapahit nggawa layang balesan ratu Sundha lan matur yèn kabèh padha bakal teka. Ora suwé manèh kabèh padha mangkat diiloni iringan akèh banget. Ana rong atus baita gedhé lan cacahé kabèh ana 2.000 baita cilik lan gedhé.
Anging yèn kabèh lagi numpak baita, katon pratandha ala. Baita kang bakal dititihi ratu Sundha, iku “jung Tatar (Mongolia/Cina) kaya akèh dienggo sawisé perang Radèn Wijaya.” (padha 1. 43a.)
Sawetara iku ing Majapahit, kabèh padha sibuk nyiyapaké katekané tamu. Mula sawisé sepuluh dina, kang akuwu utawa lurah Bubat teka lan matur yèn rombongan Sundha wis katon. Prabu Hayam Wuruk karo uwané loro banjur wis kelar mapag rombongan Sundha. Nanging patih Gajah Mada ora sarujuk. Panjenengané ngandika yèn ora sapasisirsé Ratu Agung Majapait mapag ratu Nusantara kaya ratu Sundha. Diaturi sang prabu nunggu limang wengi. Sapa ngerti ratu Sundha iku mungsuh kang amindha-mindha (nyamar).
Dadi prabu Hayam Wuruk ora sida tindak menyang Bubat, nurut aturé patih Gajah Mada. Para abdi dalem karaton lan para mantri kagèt kerungu warta iki, nanging ora ana kang wani suwala.
Banjur ing Bubat dhéwé, wong-wong wus kerungu warta isyu prakara pungkasan ing Majapait. Mula ratu Sundha ngirim duta, yaiku patih Anèpaken supaya lunga menyang Majapahit golèk warta. Panjenengané dikancani para abdi ratu telu liyané lan bala prajurit 300 cacahé. Kabèh padha njujug kapatihan. Ing kono banjur ngandika yèn ratu Sundha kersa kondur ing tanah Sundha lan rumangsa yèn prabu Hayam Wuruk mblènjani janjiné. Banjur padha padu gègèran lan horeg. Mèh waé ana perang ing kono yèn ora dipisah karo Smaranata, pandhita ing kedhaton. Banjur bali manèh wong-wong Sundha sawisé dikandhani yèn ing wanci rong dina kaputusan pungkasan prabu Hayam Wuruk bakal diwènèhaké marang wong Sundha.
Sawetara iku ratu Sundha sawisé mireng kabar iki, ora saguh atur bekti kaya déné ratu vasal. Mula sang ratu ngandika yèn luwih becik matia kaya satriya tinimbang urip nanging disoraké wong-wong Majapait. Para abdi kabèh padha saguh mbéla lan ndhèrèk sang ratu.
Banjur ratu Sundha manemoni garwané lan putriné. Kabèh dikon mulih waé nanging ora saguh. Kabèh kapéngin ngancani lan nunggoni sang ratu.
Banjur kabèh wus asiyaga. Ana duta dikirim saka kubu Majapait marang kubu Sundha nggawa layang isiné sarat-sarat. Wong Sundha sawisé maca banjur nepsu lan perang ora bisa ditulak manèh.
Wadya bala Majapait kabangun ing para prajurit ing ngarep, banjur buriné para tandha lan mantri, patih Gajah Mada, lan pungkasané prabu Hayam Wuruk lan uwané loro.
Banjur para prajurit miwiti padu ing rana. Paprangané horeg banget. Mula-mulané wong Majapait akèh kang palastra. Anging entèk-entèkané wong Sundha padha dipatèni kabèh déning wong Majapait. Anèpaken dipatèni ing Gajah Mada banjur ratu Sundha dipatèni bésané dhéwé: ratu Kahuripan lan Dhaha. Pitar iku dadi sawiji-wijiné prawira Sundha kang isih urip. Amarga dhèwèké amindha mati ing antarané mayit-mayit Sundha. Banjur bisa lolos lan gelis teka marang ing pasanggrahan ratu ayu lan putri Sundha. Kabèh dadi padha nlangsa atiné lan banjur matèni awaké dhéwé (béla). Kabèh bojo prawira Sundha kang palastra ing rana uga nekani layon-layoné banjur abéla kabèh.
Prabu Hayam Wuruk rumangsa ora kepénak panggalihé mirsani paprangan iki. Nuli rawuh ing pasanggrahan putri Sundha. Nanging panjenengané wis lampus. Prabu Hayam Wuruk banjur nlangsa banget manandhang sangsara. Panjenengane kersa awor karo wanita idamané.
Sawisé iku, dilaksanaake upacara sembahyangan kanggo para arwah. Ora sawatara suwé prabu Hayam Wuruk séda saking manandhang nlangsa sangsaraning panggalih.
Sawisé layoné diobong ing tumangan lan kabèh upacara wis bubar, uwané loro rembugan. Kabèh nyalahaké patih Gajah Mada. Dhèwèké kaanggep kang dadi mula pambukané malapataka iki kabèh. Mula gelis ta loroné njujug kapatihan. Gajah Mada dhéwé rumangsa yèn wanciné wis teka. Banjur dhèwèké nganggo kabèh upakarané lan nggempur tapa, yoga samadi. Sawisé iku dadi moksa (ilang) manuju ing niskala.
Nuli ratu Kahuripan lan ratu Dhaha, kang mèmper “Siwa lan Buda” kondur marang nagarané sowang-sowang amarga ora bisa manggon ing Majapait. Amarga kabèh barang ngelingaké ing kadadéan sedhih iku.
Kidung Sundha iku kudu kaanggep sawijining karya sastra. Iki dudu babad, lan dudu kronik historis kang akurat uga. Sanadyan mangkono, bisa waé carita iki dhedhasar kadadéan faktual.
Miturut garis gedhé, bisa diungkapaké yèn tèks carita kang dibèbèraké ing kéné iki gaya basané lugas lan lancar. Ora njlimet ruwet nganti peteng kaya karya sastra sajenis. Caritané bisa apik ngaworaké unsur romantis lan dramatis. Panggunan gaya basa kang urip iki, bisa nggawe para protagonis carita iki ya dadi urip. Conthoné adegan wong-wong Sundha kang misuh-misuhi patih Gajah Mada bisa dilukisaké dadi urip, sanadyan kasar. Banjur Prabu Hayam Wuruk kang nlangsa nangisi Putri Sundha uga bisa dilukisaké apik kang nggawe para pamaca trenyuh.
Banjur kandha kang dicaritaaké ing Kidung Sundha bisa diarani logis lan masuk akal. Kabèh kang dicaritaaké iku kadadéan réalita, kajaba mbokmanawa moksané patih Gajah Mada. Bab iki uga ora padha karo sumber-sumber liyané, kaya ta kakawin Nagarakretagama, Deleng uga ing ngisor iki.
Ing kéné perlu diomongaké yèn sang panulis carita iku, luwih mbélani pihak Sundha tinimbang pihak Majapait. Prakara iki lan liyané uga séjé karo sumber-sumber liyané. Kaya ta prakara sédané prabu Hayam Wuruk lan patih Gajah Mada, panulisané uga béda karo kakawin Nagarakretagama.
Terus ana prakara liya kang menarik, katoné ing kidung Sundha, asma sang ratu, praméswari lan putri Sundha ora diarani. Putri Sundha ing sumber liya kerep diarani Dyah Pitaloka.
Prakara liya kang menarik iku, sajeroning tèks, dibédaake pangertèn bab Nusantara lan tanah Sundha. Wong-wong Sundha dianggep dudu wong Nusantara, kajaba déning patih Gajah Mada. Sawetara iku kang diarani wong Nusantara: wong Palembang, wong Tumasik (Singapura), Madura, Bali, Koci (?), Wandhan (Maluku), Tanjungpura (Banjarmasin) lan Sawakung (?) (conthoné padha 1. 54 b.). Prakara iki padha karo kakawin Nagarakretagama. Ing kono tanah Sundha uga ora mau sebagai wewengkoning Majapait. Nanging ing Nagarakretagama, Madura uga ora mau.
Kabèh naskah kidung Sundha kang diterangaké ing artikel iki, sangkané saka Bali. Nanging ora cetha apa tèks iki dikarang ing Jawa utawa Bali.
Namaning panulis tèks ora dingeetèni. Titi mangsané panulisan uga ora dingertèni pasthi. Sajeroning tèks gaman sanjata geni diaran-arani, nanging bab iki ora bisa kanggo ngukuhaké umuring tèks. Amarga wong-wong Indhonésia minimal wis tepung karo sanjata geni wiwit tekaning wong Portugis ing bumi Nusantara, yaiku ing taun 1511. Mbokmanawa wong-wong Indhonésia uga wis tepung luwih lawas manèh saka bangsa Tionghoa. Awit nalika wong Portugis teka ing Maluku, kabèh padha sinungsung ing salvo (tembakan kekurmatan).
Ing ngisor iki sawetaraning cuplikan utawa fragmèn tèks ing basa Jawa Tengahan katulis. Banjur jarwané ing basa Jawa samangké uga didhokok ing ngisoré. Jarwané ditulis ing basa lugu gancaran, ora nganggo guru laguning tembang. Tèks dijupuk saka édhisi C.C. Berg (1927) lan pasang aksarané (ejaan) disesuaikan.
.
Jarwa:
Jarwa:
Jarwa:
*Mangsa Katiga iku kurang luwih mbarengi sasih September, kang isih bisa diarani mangsa kemarau. Dadi swaraning guruh ing mangsa iki, nggambaraké kaanan kang ora lumrah.