Soe Hok Gie | |
---|---|
![]() Soe Hok Gie ing Pucuk Pangrango, 1967 | |
Lair | Jakarta, Indonésia | 17 Dhésèmber 1942
Pati | 16 Dhésèmber 1969 Semeru, Jawa Wétan, Indonésia | (umur 26)
Jakarta, Indonésia 6°10′19″S 106°49′09″E / 6.17203°S 106.819037°EKoordhinat: 6°10′19″S 106°49′09″E / 6.17203°S 106.819037°E | |
Bangsa | Indonésia |
Alma mater | Universitas Indonésia, Kolese Kanisius |
Karya kondhang | Soe Hok Gie: Catatan Seorang Demonstran, Soe Hok Gie Sekali Lagi, Orang-Orang di Persimpangan Jalan, Di Bawah Lentera Merah |
Wong tuwa | Salam Sutrawan (Soe Lie Piet) (ayah) |
Dulur | Arief Budiman (Soe Hok Djin) (kakak) |
Soe Hok Gie | |||||||||
Cina Padatan | 蘇福義 | ||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Cina Prasaja | 苏福义 | ||||||||
|
Soe Hok Gie (lair ing Jakarta, 17 Dhésèmber 1942 – tilar donya ing Gunung Semeru, 16 Dhésèmber 1969 nalika umur 26 taun) iku aktivis Indonésia, mahasiswa Fakultas Sastra Universitas Indonésia Jurusan Sajarah taun 1962–1969, demonstran, penulis, lan anggota MAPALA UI.[1] Jênêng Soe Hok Gie iku dialèk Hokkian saka jeneng Su Fu-yi ing basa Mandarin (Hanzi: 蘇福義). Leluhuré Soe Hok Gie asalé saka provinsi Hainan, Républik Rakyat Cina. Dhèwèké kondhang amarga srêgêp nulis ing manéka mèdia massa lan buku cathêtan padinané ditêrbitaké dadi buku.
Dilairaké saka kulawarga Tionghoa Indonésia, duwé bapak tukang nulis novèl. Mula iku wiwit cilik wis cedhak karo sastra, jagad tulis, lan buku. Tuladhané nalika isih Sêkolah Dasar dhèwèké wis maca karya-karya sastra abot kaya karangané Pramoedya Ananta Toer.[1] Nalika SD dhèwèké tunggal sêkolahan karo kangmasé, Soe Hok Djie (Arief Budiman). Nalika SMP dhèwèké nêrusaké ing SMP Strada, kangmasé ing Kanisius. Soe Hok Gie banjur nêrusaké pêndhidhikan SMA ing Kolese Kanisius jurusan Sastra. Ing jurusan iki dhèwèké wiwit kenal lan seneng ngèlmu Sajarah. Saka iku uga dhèwèké kenal pulitik. Sawisé lulus SMA, dhèwèké nerusaké menyang Universitas Indonésia jurusan Sajarah.
Soe Hok Gie kalêbu wong kang seneng maca. Nalika SD wis maca tulisan-tulisané Pramoedya Ananta Toer, nalika umur 14 wis maca tulisané Mahatma Gandhi lan Rabindranath Tagore.[2] Dhèwèké uga sênêng nulis. Sabên dina dhèwèké nulis ing buku cathêtan padinan, saliyané iku dhèwèké kêrêp nulis artikel ing kalawarti lan koran. Amarga tulisan-tulisané, dhèwèké uga kondhang dadi salah sawijining aktivis mahasiswa taun 1965.
Soe Hok Gie uga seneng nganggit geguritan. Gêguritan karyané kasêbar ing kalawarti, koran, lan buku cathêtan padinané. Gêguritan karyané ya iku:
Saliyané gêguritan ing dhuwur isih ana gêguritan liyané kang ora ana irah-irahané.
Buku iki diterbitake Yayasan Bentang taun 1997 saka skripsi S1ne babagan pemberontakan PKI Madiun.
Buku iki diterbitake Yayasan Bentang taun 1999 saka skripsi sarjana mudane babagan Sarekat Islam Semarang.
Soe Hok Gie kerep nulis artikel ing koran-koran nasional, kaya ta Kompas, Harian Kami, Sinar Harapan, Mahasiswa Indonésia, dan Indonesia Raya. Artikel-artikel iku nalika taun 2005 diterbitake dadi buku déning Gagas Media kanthi irah-irahan Zaman Peralihan
Soe Hok Gie ora nggawe filem, nanging ana filem kang nyritakake Soe Hok Gie, irah-irahane Gie. Film iki karangane Riri Riza nalika taun 2005 kanthi Nicholas Saputra kang dadi tokoh mligi.
Buku iki diterbitake LP3ES taun 2005 saka cathetan padinane.
Karyane Rudy Badil, Luki Sutrisno Bekti, lan Nessy Luntungan R. Diterbitake Kepustakaan Populer Gramedia (KPG) nalika taun 2009.