Teuku Mohammad Hasan | |
---|---|
Gubernur kapisan Sumatera | |
Linggih 1945 – 1949 | |
Kang sadurungé | Jabatan Anyar |
Kang sawisé | Jabatan Diilangi |
Mantri Pendhidhikan lan Kebudayaan | |
Linggih 1948 – 1949 | |
Kang sadurungé | Ali Sastroamidjojo |
Kang sawisé | Sarmidi Mangunsarkoro |
Mantri Agama | |
Linggih 1948 – 1949 | |
Kang sadurungé | Masjkur |
Kang sawisé | Masjkur |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Pidie, Acèh, Indhiya Nèderlan | 4 April 1906
Pati | Sèptèmber 21, 1997 Jakarta, Indonésia | (umur 91)
Almamater | Leiden University |
Agama | Islam |
Teuku Muhammad Hasan ya iku Gubernur Wewengkon Sumatra sing kapisan [1] sawisé Indonésia merdeka , Mantri Pendhidhikan lan Kebudayaan Indonésia ing taun 1948 tekan taun 1949 dalam Kabinet Darurat[2]. Saliyané iku panjenengané ya iku pejuang kamardikan lan pahlawan nasional Indonésia.
Teuku Muhammad Hasan dilairaké tanggal 4 April 1906 minangka Teuku Sarong, ing Sigli, Acèh. Bapaké, Teuku Bintara Pineung Ibrahim ya iku Ulèë Balang ing Pidie (Ulèë Balang ya iku bangsawan sing mimpin salah sijining laladan ing Acèh). Ibuké asmané Tjut Manyak.
Panjenengané sekolah ing Sekolah Rakyat (Volksschool) ing Lampoeh Saka 1914-1917. Ing taun 1924 sekolah ing sekolah sing basane Walanda Europeesche Lagere School (ELS), dilanjutake ing Koningen Wilhelmina School (KWS) ing Batavia (saiki Jakarta). Sabanjure panjenengané lumebu Rechtschoogeschool (Sekolah Tinggi Hukum).
Ing yuswa 25 taun, T.M Hasan mutuské arep sekolah ing Leiden University, Walanda. Saksuwené ing Walanda, panjenengané gabung karo Perhimpunan Indonésia sing dipelopori déning Muhammad Hatta, Ali Sastroamidjojo, Abdul Madjid Djojodiningrat lan Nasir Datuk Pamuntjak. Saliyané kesibukané minangka mahasiswa, Hasan uga dadi aktivis sing ngenekaké kagiyatan-kagiyatan organisasi apik iku ing jero kutha utawa ing kutha-kutha liya ing Walanda. Hasan éntuk gelar Meester in de Rechten (Master of Laws) taun 1933.
Nalika taun 1933, Mr. T.M Hasan bali menyang Indonésia. Tekané ing pelabuhan Ulee Lheue, Kutaraja, buku-bukuné disita kanggo pemeriksaan amarga dicurigani ènèk buku paham pergerakan sing bakalé mbebayani kedudukané pamaréntah kolonial Walanda, khususé ing Acèh. Saksuwen ing Kutaraja, Hasan dadi Pegiat ing babagan Agama lan Pendhidhikan.
Ing babagan agama, panjenengané gabung karo organisasi Islam Muhammadiyah mingka konsul ing ngisore pimpinan R.O. Armadinata. Nalika era iki, Muhammadiyah wes kasil ngadegaké perkumpulane wanita ya iku Aisyiyah, Hizbul Wathan, lan salah sijining lembaga pendhidhikan saktingkat Hollandsch-Inlandsche School utawa HIS. Perkembangan salanjute, Muhammadiyah uga ngadegaké cabang-cabang ing sakpropirane kutha liya ing Acèh. Kacatet ing mangsa akir Papréntahan Walanda ing Acèh (1942), jumlah cabang Muhammadiyah ing Acèh cacahé 8 (wolu).
Saliyané aktif ing Muhammadiyah, Hasan uga aktif ing donya pendhidikan. Panjenengane mèlu mlopori ngadeke organisasi Atjehsche Studiefonds (Dana Pelajar Acèh) sing tujuane kanggo mbiyantu anak-anak Acèh sing pinter nanging ora mampu arep sekolah.
Saliyané iku, Hasan uga dadi komisaris organisasi pendhidhikan sing jenenge Perkumpulan Usaha Sama Akan Kemajuan Anak (PUSAKA). Tujuan organisasi iki ya iku kanggo ngadegaké salah sijining sekolah endek basa Walanda kaya Hollandsch-Inlandsche School.
Aktivitas kependhidhikan Hasan sing liyané ya iku ngadegaké Perguruan Taman Siswa ing Kutaraja tanggal 11 Juli 1937. Ing kepengurusan lembaga sing diprakarsai déning Ki Hajar Dewantara iki, Hasan dadi ketua karo sekretaris Teuku Nyak Arief. Sedela sawisé pembéntukane, Hasan ngirim utusane ya iku, T.M. Usman el Muhammady kanggo nemoni Ki Hajar Dewantara ing Yogyakarta. Tujuane ya iku ngarep supaya Taman Siswa njembarake jaringane, ya iku karo ngadegaké cabang ing Acèh. Miturut pangarepan mau, Majelis Luhur Taman Siswa ngirim telong guru ing Acèh, ya iku Ki Soewondo Kartoprojo karo istrine sing uga minangka guru lan Soetikno Padmosoemarto. Ing wektu sing cendak, Hasan lan pengurus Taman Siswa ing Kutaraja kasil mbukak 4 (papat) sekolah Taman Siswa ing Kutaraja, ya iku siji Taman Anak, Taman Muda, Taman Antara lan Taman Dewasa.
{{cite web}}
: External link in |title=
(pitulung)
Jabatan pamaréntahan | ||
---|---|---|
Didhisiki déning: Ali Sastroamidjojo |
{{{jabatan}}} 1948—1949 |
Diganti déning: Sarmidi Mangunsarkoro |
Didhisiki déning: Masjkur |
{{{jabatan}}} 1948-1949 |
Diganti déning: Masjkur |
Didhisiki déning: Tidak ada, kalungguhan baru |
{{{jabatan}}} 1945-1949 |
Diganti déning: Jabatan di hapus |
Artikel biografi Indonésia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |