Abdoel Halim | |
| |
Nayakotama Indonésia ke-4
| |
---|---|
Mangsa jabatan 16 Januari 1950 – 5 September 1950 | |
Présidhèn | Soekarno |
Didhisiki déning | Soesanto Tirtoprodjo |
Diganti déning | Muhammad Natsir |
Mangsa jabatan 6 September 1950 – 27 April 1951 | |
Présidhèn | Soekarno |
Didhisiki déning | Sri Sultan Hamengkubuwono IX |
Diganti déning | Sukiman Wirjosandjojo |
Miyos | Bukittinggi, Sumatra Barat, Hindia Nèderlan | 27 Dhésèmber 1911
Tilar donya | Juli 4, 1987 Jakarta, Indonésia | (umur 75)
Kabangsan | Indonésia |
Partai pulitik | Non Parté |
Profèsi | Politikus, Dhokter |
Agami | Islam |
Abdul Halim (ejaan lawas: Abdoel Halim) (lair ing Kota Bukittinggi, Sumatra Kulon, 27 Dhésèmber 1911 – pati ing Jakarta, 4 Juli 1987 ing umur 75 taun) ya iku Perdhana Mentei Indonésia jaman Kabinèt Halim (1949) kang maréntah nalika Républik Indonésia isih dadi péranganing Républik Indonésia Serikat kanthi Pejabat Présidhèn RI Mr. Assaat.[1]
Abdul Halim lair saka bapak kang asmané Achmad St. iyus lan ibu kang asmané H. Darama.[1] Halim sekolah ing HIS, MULO lan AMS B ing Jakarta, lan uga dadi lulusan GHS (Geneeskundige Hooge School-didirike taun 1924-utawa Sekolah Kedhokteran, saiki Fakultas Kedhokteran Universitas Indonésia) ing Jakarta.[1]
Wiwit Proklamasi 1945 panjenengané dadi Wakil Ketua BP-KNIP bareng karo Mr. Assaat kang njabat Ketua BP-KNIP.[2] Kaya kang dimangertèni yèn Badan Pekerja (BP) kang nduwé anggota 28 wong iku badan pelaksana kang gawéyané saka Komite Nasional Indonésia Pusat kang duwé anggota 137 wong.[2] Jaman Revolusi Fisik 1945-1949 beliau ora tau praktek dadi dhokter, saliyané dadi politisi lan duwé hobi ngrumat mobil kesayangane kang ndadèkaké dhèwèké dijuluki dhokter mobil alias dadi montir mobil kesayangané.[2]
Jaman RI Abdul Halim dipercaya njabat dadi Nayakotama, Mr. Assaat dadi Pejabat Présidhèn. Banjur sawisé RIS panjenengané lumebu ana ing Kabinèt Natsir.[1]
Abdul Halim lair kanthi jeneng Otong Sjatori nalika taun 1887 ing Majalengka, Jawa Kulon. Bali saka ngibadah kaji, jenenge diganti dadi Abdul Halim. Nalika umur 10 taun dhèwèké wis bisa maca Al Quran lan dadi santri saka kyai Jawa Kulon lan Jawa Tengah nalika umur 22 taun. Abdul Halim banujur lunga menyang Mekah kanggo ngibadah kaji lan sinau babagan agama suwéné telung taun.Kemudian ia berangkat ke Mekah untuk menunaikan ngibadah haji sisan mendalami ngèlmu agama selama tiga taun. Ing kana dhèwèké sinau marang imam lan khatib Masjidil Karam kang namane Syeikh Ahmad Khatib lan Syeikh Ahmad Khayyat. Ing kana dhèwèké uga ketemu KH Mas Mansur saka Surabaya lan KH Abdoel Wahab Hasboellah.
Nalika taun 1911 dhèwèké bali ing Indonésia lan ngadegaké Majelis Ilmu (ejaan lawas: Majlis Ilmoe). Ing tanah wakaf maratuwane, dhèwèké ngadegaké madrasah kang dijangkepi mkaro asrama kanggo para santri.Ing taun 1912 dhèwèké ngadegaké kumpulan utawa organisasi kang diarani Hajatoel Qoeloeb kang isiné para tokoh masarakat, santri, wong tani, wong dodolan. Saka organisasi kang diwangun déning Abdul Halim iku kanggo ngrewangi para anggotane ing pasar nalika saingan karo wong Cina, lan ngendhekake kapitalisme kolonial.
Sithik mbaka sithik organisasi kang kabawah Abdul Halim bisa nggawé makmure warga kampung. Nalika taun 1915, organisasi kang kabawah dibubarke amarga oraganisasi iki dianggep dadi punjere haruhara antarané warga karo wong Cina.
Tanggal 16 Mèi 1916 Abdul Halim ngadegaké Jam'iyah I'anah al Muta'alimin mionangka usahane Abdul Halim kanggo majukake donya pendhidhikan. Jam'iyah iki uga ana gandheng cenenge karo Jamiat Khair lan Al-Irsyad ing Jakarta. Amarga masarakat akèh kang seneng karo organisasi iki ndadèkaké pamaréntah wedi banjur ing taun 1917 organisasi iki uga dibubarake.
Abdul Halim uga ngadegaké pesantren ing wulan April 1942 ing désa Pasirayu, kècamatan Sukahaji, Majalengka.
Santi Asromo (basa Kawi, Jawa kuna: panggon sinau kang sepi lan tentrem), pesantren iki dadi pesantren moderen kang pisanan ing jaman iku. Pesantren iki dibangun ana ing papan kang adoh saka panggon rame ing Majalengka. Ora mung babagan agama kang diajarake ing pesantren iki, ana uga prakara nandur, tukang kayu, lsp.. Murid ing pesantren iki diwajibake urip ing asrama suwéné 5 nganti 10 taun.
Nalika taun 1942 dhèwèké ngganti PO dadi Perikatan Umat Islam kang banjur ing taun 1952 dadi siji karo Persatuan Umat Islam Indonésia (PUII), lan jenenge dadi Persatuan Umat Islam (PUI), kang punjere ana ing Bandung.
Nalika ana agresi Walanda nalika taun 1947, Abdul Halim lan para warga lan bala mundur ing pelosok désa kanggo nyusun rencana kanggo nyerang Walanda. Dhèwèké ora setuju yèn ana Nagara Pasoendan kang didekake taun 1948 déning Walanda.
Nalika jaman perang kamardikan, Abdul halim asring nglakoni gerilya kanggo nglawan para Walanda, lan punjere ana ing Gunung Ciremai. Dhèwèké dadi ketuwa saka pasukane nalika mungsuh karo militere Walanda NICA. Nalika iku dhèwèké dadi bupati masarakat Majalengka lan nglawan NICA.
Papan pesantrene Abdul Halim dianggep dadi markase TNI déning NICA, mula NICA banjur nyerang Santi Asromo iku. Abdul Halim lan many=tune dicekel déning NICA. Nanging dhèwèké ora gelem nyerah, lan bisa lumayu. Dhèwèké diangkat dadi panitoya kang duwé tugas nyerang Nagara Pasoendan kang diwangun déning Van Mook.
Sawisé perang kamardikan rampung lan nagara aman, taun 1952 Persatuan Umat Islam (PUI) lan Persatuan Umat Islam Indonésia (PUII) gabung dadi siji, sanajan KH Ahmad Sanoesi kancane abdul halim wis kapundhut. Kedadean iku kalaksanan nalika tanggal 5 April 1952, ing Bogor. Asile ya iku lair Persatuan Ummat Islam (PUI) lan KH Abdul Halim kapilih dadi Ketuwa. Nalika tanggal 17 Mèi 1962, Abdul Halim kapundhut ing Santi Asromo.
Abdul Halim iku uga dadi penulis kang akèh gawé tulisan. Tulisane akèh kang diterbitake. Tulisan-tulisané diwaca déning anggota PO kanthi wujud brosur lan buku cilik. Nanging tulisan-tulisané akèh kang wis diobong nalika ana Agresi Belada II.
Dhèwèké uga dadi pimpinan redaksi lan dadi penanggung jawab kalawarta Soeara PO, kalawarta As Sjoero, kalawarta Pelita. Tulisane akèh kang dimuat ing Soeara Moeslimin Indonésia, Al Kasjaaf, Pengetahoen Islam.
Saka tulisané Abdul Halim duwé ekeh ide lan pamikiran kang isiné cita-citane. Dhèwèké nganut konsèp As Salam, ya iku keselametan ing donya lan akherat.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |