Marga Tjoa ingkang miyos ing Jakarta tanggal 27 Januari 1943 utawi ingkang misuwur kanthi nama Marga T. inggih salah satunggaling sastrawan ingkang aktip ngasilaken karya-karyanipun ing Indonésia. Namanipun dados pujangga wiwitan misuwur ing taun 1971 saking cariyosipun, Karmila ingkang salajengipun dipundamel buku saha filem.[1]
Wiwit alit, Marga T sampun remen nyerat. Karangan-karanganipun ing purwakanipun kapacak wonten ing majalah sekolahipun. Lajeng ing yuswa 21 taun piyambakipun kasil ngasilaken cariyos cekakipun ingkang sapisan kanthi irah-irahan 'Kamar 27, lajeng dipunsusul kaliyan dipunwedalaken bukunipun ingkang sapisan inggih kanthi irah-irahan, Rumahku ya iku Istanaku, satunggaling cariyos kanggé laré-laré ingkang dipuncithak ing taun 1969.[2] Minangka pujangga, Marga T inggih tiyang ingkang remen makarya kanthi tumemen. Saben dintenipun, piyambakipun nelasaken wekdal sekawan ngantos gangsal jam sadinten kanggé ngarang. Novelipun ingkang paling misuwur inggih kanthi irah-irahan “Sekuntum Nozomi” bukunipun ingkang medal kaping tiga ing taun 2004, ingkang nyariosaken tragedi Mèi 1998 ingkang ndadosaken kathah kurban mliginipun tiyang èstri keturunan Tionghoa.[3] Marga punika tiyang ingkang boten remen dipunkenl déning masarakat kathah. Piyambakipun inggih dados dhokter lulusan saking Universitas Trisakti, Jakarta. Awit saking punika, kathah novelipun ingkang nyariyosaken babagan medis.
Ngantos sapunika, Marga sampun medalaken 128 cariyos cekak kaliyan 67 buku kanggé lare-lare, novèl saha kempalan carkak. Ing ngandhap punika inggih tuladhanipun asiling karya saking Marga T: