Satria Baja Hitam RX 仮面ライダーBLACK RX Kamen Rider BLACK RX | |
---|---|
Digawé déning | Shotaro Ishinomori |
Diparagakaké | Tetsuo Kurata Jun Koyamaki Makoto Akatsuka Eri Tsuruma Rikiya Koyama Megumi Ueno Jo Onodera Go Inoue Shouko Imura Maho Maruyama Minoru Sawatari Goro Naya (Swara) Seizo Kato (Swara) Hidekatsu Shibata (Swara) Atsuko Takahata Shozo Iizuka (Swara) Toshimichi Takahashi (Swara) Kazunori Arai (Swara) Atsuo Mori (Swara) Tetsuya Matsui Masaki Terasoma (Swara) |
Narator | Issei Masamune |
Musik déning | Eiji Kawamura, Tetsuji Hayashi |
Lagu pambuka | Kamen Rider BLACK RX déning Takayuki Miyauchi |
Lagu panutup | Dareka ga Kimi wo Aishiteru déning Takayuki Miyauchi |
Komposer | Eiji Kawamura |
Negara asal | Jepang |
Gunggung episode | 47 |
Prodhuksi | |
Suwéné acara | 30 menit per èpisode |
Prodhuksi | Toei Company |
Pambabaran | |
Saluran tivi | Mainichi Broadcasting System, TBS, Toei RCTI |
Lakuné acara | 23 Oktober 1988 – 24 September 1989 |
Satria Baja Hitam utawa sesirah asliné Kamen Rider BLACK (仮面ライダーBLACK Kamen Raidā Burakku?) iku program acara sérial télévisi ciptaané Shotaro Ishinomori sing digawé déning Toei. Kamen Rider BLACK iku sérial Kamen Rider angka 8 saka sarangkèn sérial Kamen Rider. Sérial sing kapérang saka 51 èpisode iki wujud asil prodhuksi bebarengan Mainichi Broadcasting System / TBS, lan disiyaraké ing Jepang wiwit tanggal 4 Oktober 1987 tekan tanggal 9 Oktober 1988. Ing Indonésia, program iki ditayangaké pisanan ing Indonésia déning RCTI nalika taun 1993 lan ditayangaké ulang déning Indosiar nalika taun 2004-2006[1] sing asring disingkat kanthi jeneng SBH.
Tetsuo Kurata, sing meranaké karakter utama BLACK, Kotaro Minami, uga nembangaké lagu pambuka sing sesirahé Kamen Rider BLACK (仮面ライダーBLACK Kamen Raidā Burakku?, Sesirah lagu sing jenengé padha karo sérial iki). Nuruti suksès ing BLACK, Kurata uga meranaké BLACK RX sajeroning Kamen Rider BLACK RX.