Komeng | |
---|---|
![]() | |
Lair | Alfiansyah |
Jeneng liya | Komeng |
Pakaryan | aktor, pelawak, pembawa acara |
Taun aktif | 1995 — saiki |
Pasangan | Indra Dewi (1999—saiki) |
Alfiansyah langkung misuwur kanthi asma Komeng; lair ing Jakarta, Indonesia, 25 Agustus 1970; umur 54 taun.[1] Komeng punika salah satunggaling pelawak Indonesia.[1] Komeng misuwur nalika dados presenter acara Spontan ingkang naté dipunbabaraken déning SCTV wiwit taun 1995.[2] Pelawak ingkang dipunidolakaken Komeng inggih punika Benyamin Sueb.[2] Komeng gadhah jargon komedi inggih punika Uhuiiii.....[1]
Sadèrèngipun dados pelawak, Komeng punika dados penyiar Radio SK Jakarta nalika taun 1993 dumugi 1996 saha Bens Radio Jakarta nalika taun 1996.[1] Ngantos sapunika, Komeng ugi asring tampil wonten tivi dados presenter.[1] Komeng krama kaliyan tiyang èstri ingkang anami Aprilliana Indra Dewi.[1] Komeng sampun naté dados bintang wonten ing sinétron-sinétron komedi.[1] Sinetron komedi ingkang naté dipunbintangi Komeng inggih punika Kompor Diamor (TPI, 1991), Akal-Akalan (Indosiar, 1996), Otak-Otak Kuda (TPI 1996), Malioboro (TPI, 1996), Liliput (2001), Puteri Duyung (SCTV, 2001).[1]
Nalika pertengahan taun 2009, Komeng akting wonten ing salah satunggaling komédi situasi.[1] Acara komedi punika gadhah irah-irahan Kungfu Komeng.[1] Wonten ing acara punika, Komeng akting kaliyan Tessa Kaunang.[1] Komeng ugi dados bintang iklan prodhuk motor Yamaha.[1]
Komeng naté sekolah wonten ing SD dumugi SMA wonten ing kutha Jakarta. Komeng ugi naté kuliyah wonten ing Akademi Bank Indonesia nanging boten rampung.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |