Susi Pudjiastuti | |
---|---|
Rerincèn dhiri | |
Lair | Pangandaran, Jawa Barat, Indonesia | Januari 15, 1965
Sisihan | Yoyok Yudi Suharyo (?-1986) Daniel Kaiser (?-2000) [1] Christian von Strombeck [2] |
Anak | Panji Hilmansyah (1984-17 Januari 2016) Nadine Kaiser Alvy Xavier |
Panggaota | Pengusaha |
Agama | Islam |
Dr. (HC) Susi Pudjiastuti (lair ing Pangandaran, 15 Januari 1965; umur 59 taun)[3] ya iku Menteri <i>Kelautan</i> lan <i>Perikanan</i> saka Kabinèt Kerja ing taun 2014-2019 sing duwéni usaha bisnis lan dadi Prèsidir dirèktur PT. ASI Pudjiastuti Marine Product, èksportir asil perikanan lan PT. ASI Pudjiastuti utawa penerbangan Susi Air ing Jawa Kulon[3]. Nganti awal taun 2012, Susi Air ngoperasikaké 50 montor mabur kang werna-werna jinisè, kaya ta 32 Cessna Grand Caravan, 9 Pilatus PC-6 Porter lan 3 Piaggio P180 Avanti. Sing kerja ing Susi Air ana 185 pilot, kang 175 pilot antarané pilot manca. Taun 2012, Susi Air nampa asil Rp.300 milyar lan nglayani 200 penerbangan perintis. [4] [3]
Samangsa dadi Menteri Kelautan lan Perikanan, dhéwékè dikenal wijaksana babagan nelayan sing ilégal. Jènèngé malah digayutaké karo tembung "tenggelamkan" sing ngawéh ukuman marang kapal manca ilégal ing perairan Indonésia.[5] Asil saka usaha iki ya iku panaliten kang diterbitake ana ing Jurnal Nature. Panaliten iki nuduhaké yén kebijakané Susi sing agrésif marang panangkepan iwak ilegal kang wis ngurangi upaya tangkepan nganti 25% lan duweni potensi ningkatake cacah tangkepan nganti 14% lan bathi nganti 12%.[6]
Susi lair tanggal 15 Januari 1965 ana ing Pangandaran.[3] Jènèngé Bapaké ya iku Haji Ahmad Karlan lan ibuné Hajjah Suwuh Lasminah, loro-loronè asalè saka Jawa Tengah, nanging wis limang generasi urip ana ing Pangandaran. [3] Kaluwargané Susi duwèni bisnis ternak, ngedoli atusan ternak saka Jawa Tengah kanggo diadol ing Jawa Kulon.[3] Jènèng Simbah kakungé ya iku Haji Ireng, sing dikenal minangka tuan omah ing wilayahé.[3] Sawisè SMP, Susi nerusaké pendhidhikané ana ing SMA Negeri 1 Yogyakarta, ananging dhèwèké mandheg ing kelas 2. Lan dhèwèké ditokaké saka sekolahhané iku amarga dhèwèké aktif ing gerakan Golput.[3]
Sawisé dadi menteri, Susi éntuk mèlu ndaftar Paket C ing PKBM Bina Pandu Mandiri ana ing Kabupaten Ciamis taun 2015. Sakwise ketinggalan ujian ing taun 2017, banjur dhèwèké bisa lulus ujian susulan ing sasi Mei 2018.[7]
Sakwisé lèrèn saka sekolah, Susi ngedol barang perhiasané lan ngumpulaké dhuwit Rp.750.000 kanggo dadi pengepul iwak ing Pangandaran taun 1983.[3] Bisnisé ngrembaka, ing taun 1996 Susi mbangun pabrik pangolahan iwak PT. ASI Pudjiastuti Marine Product kanthi ana prodhuk utama kang awujud lobster sing diwénéhi jeneng "Susi Brand".[3] Bisnis pangolahan iwak iki nyebar ana ing pasar Asia lan Amérika.[3] Amarga iki, Susi butuh piranti transportasi udara sing bisa ngangkut produk asil saka sagara kanthi cepet. [3]
Ing taun 2004, Susi tuku Cessna Caravan kang regané Rp20 milyar kanthi nggunakake pinjaman bank. Liwat PT. ASI Pudjiastuti Aviation, dhèwèké nggunakake montor mabur siji-sijiné iku kanggo ngangkut lobster lan iwak segeré sing ditangkep déning para nelayan ing manéka werna pesisir ing Indonésia menyang pasar Jakarta lan Jepang. Tanda celukan sing digunakaké Cessna yaiku Susi Air.
Susi Pudjiastuti diangkat dadi Menteri Kelautan lan Perikanan ana ing Kabinét Kerja Joko Widodo lan Jusuf Kalla, sing diresmikaké tanggal 26 Oktober 2014.[3] Sakdurungé dilantik, Susi ngeculaké kabéh jabatané ing perusahaan panerbangan Susi Air lan jabatan-jabatan liyané, kaya ta Presidhèn Diréktur PT. ASI Pudjiastuti ing bidhang perikanan lan PT. ASI Pudjiastuti Aviation ing bidhang penerbangan. Kahanan iki dilakokaké kanggo nyegah perkara antarané dhèwèké minangka dadi menteri lan pimpinan bisnis.[8] Seliyané iku, alesan liyané Susi ngeculaké kabéh jabatané dhèwèké ya iku supaya bisa kerja maksimal ing pamarénthahan, utamané ing bidang urusan kelautan lan perikanan. [8]
Wektu pelantikan, Susi ditemokaké ngrokok lan duwè tato, babagan iki kudune ora ditindakake dèning menteri Indonésia. [9] [10] [11] Saka tumindak kasebut, Susi nampa pujian lan kritik ing mèdhia sosial. [11]
Ing taun 2008, dhèwèké ngèmbangaké bisnis aviasiné kanthi mbukak sekolah pilot <i>Susi Flying School</i> liwat PT. ASI Pudjiastuti Flying School. Ing dina Minggu, 26 Oktober 2014, ana wara-wara Kabinet Kerja Pemerintah Jokowi-JK, Ibu Susi Pudjiastuti ditetepaké dadi Menteri Kelautan lan Perikanan dèning Presidhèn Indonésia Joko Widodo.
Dhèwèké pegatan nganti ping pindho, banjur nikah karo Christian von Strombeck.[15] Dhèwèké duwè anak cacahé telu, ya iku Panji Hilmansyah (saka nikah karo Yoyok Yudi Suharyo), Nadine Kaiser (saka nikah karo Daniel Kaiser),[16] lan Alvy Xavier.[17]
{{cite journal}}
: Cite journal requires |journal=
(pitulung)
{{cite journal}}
: Cite journal requires |journal=
(pitulung); Explicit use of et al. in: |last2=
(pitulung)
Posisi politik | ||
---|---|---|
Didhisiki déning: </br> Sharif Cicip Sutarjo |
Mentri Kelautan lan Perikanan RI </br> 2014 - saiki |
Muga-muga |